Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Infèksi Jamur ing Pawestrèn? Cobi Yoghurt
    Internasional

    Infèksi Jamur ing Pawestrèn? Cobi Yoghurt

    By Eddi Santosa22.10.20213 Mins Read
    Foto: Unsplash/Carolina Heza

    DEN HAAG – Sebagéan ibu-ibu saget kènging infèksi jamur Candida ing pawestrèn. Panelitèn ilmiah mbuktiaken bilih yoghurt ampuh ndayagunani kanggé támbá.

    Yogurt puniká támbá alami ingkang umum cumawis ing griyá kanggé nambani infeksi jamur ing pawestrèn. Panelitèn nedhahaken bilih nganggé supositoria yoghurt saget mbiyantu nanggulangi infeksi wau, makaten Medical News Today kapundhut dinten Kemis (21/10).

    Pinten-pinten sel ragi jamur lan bakteri saget numpuk ing pawestrèn lajeng dados infeksi jamur naliká jamur ingkang nami Candida jumlahipun langkung kathah.

    Seratan puniká ngaturaken kawruh babagan yoghurt minongká támbá kanggé nambani infèksi jamur ing pawestrèn, ugi nerangaken cárá nganggénipun ingkang paling ndayagunani.

    Faktor-faktor ingkang saget ngganggu kaseimbangan alamiah dados infèksi jamur ing pawestrèn:

    • owahing hormon,
    • ngunjuk antibiotika,
    • jimak,
    • nganggé pewangi utawi sabun intim,
    • kemproh nganggé pembalut, mboten rutin gantos,
    • nganggé CD sesek mlethet.

    Gejala-gejala infeksi jamur ing pawestrèn antawisipun:

    • raos gatel ing pawestrèn,
    • raos panas kebakar ing pawestrèn,
    • keputihan, pethak kenthel, mrenthel-mrenthel.

    Caranipun nganggé yoghurt kanggé nambani infèksi jamur

    Ingkang paling utami dipungatosaken kedah nganggé yoghurt ingkang murni, inggih puniká yoghurt alami ingkang ngandhut bakteri Lactobacillus tanpá nganggé raos tambahan, kelir, lan gendhis. Bahan-bahan tambahan wau malah saget ndadosaken infèksi sangsáyá nemen.

    Mlebetaken

    Mlebetaken yoghurt ing pawestrèn boten gampil, nanging strategi puniká saget mbiyantu:

    • Nganggé driji kanggé mlebetaken yoghurt satunggal séndhok utawi langkung.
    • Isi aplikator tampon ingkang boten kanggé nganggé yoghurt lajeng lebetaken ing pawestrèn.
    • Kanggé ngadhemaken pawestrén ingkang raos perih kebakar, isi aplikator tampon nganggé yoghurt, simpen sekedhap ing freezer, lajeng nembé lebetaken ing pawestrèn.

    Kénging punápá nganggé yoghurt kanggé nambani infeksi jamur?

    Sebagéan priyantun langkung remen nganggé támbá alami kanggé nambani infèksi jamur amargi:

    • Kuatos èfèk dhèrèkan (èfèk samping) menawi nganggé obat antijamur.
    • Wonten raos kuatos bilih obat antijamur saget ndadosaken jamur tambah kebal.
    • Tambá alami ingkang cumawis ing griyá langkung sekécá lan boten awis tinimbang obat medis.

    Yoghurt ampuh ndayagunani amargi ngandhut bakteri Lactobacillus. Bakteri puniká kanthi alamiah sampun wonten ing usus, saluran toyá seni lan pawestrèn tanpá ngganggu panggènan-panggènan wau.

    Pramilá nganggé yoghurt ingkang ngandhut bakteri Lactobacillus wau saget mangsulaken kaseimbangan ragi lan bakteri ing pawestrèn. Lactobacillus ugi medalaken hidrogen peroksida ingkang mejahi Candida, saénggá mbiyantu nanggulangi infèksi jamur wau.

    Kejawi makaten, sarèhning yoghurt puniká adhem anyes pramilá saget énggal ngicalaken raos gatel utawi raos panas kebakar.

    Miturut panelitèn

    Nyampuraken yoghurt kalih madu jebul ampuh kanggé nambani infèksi jamur pawestrèn tumrap ibu-ibu ingkang mbobot, makaten miturut panelitèn tahun 2012.

    Panelitèn tahun 2015 ugi paring dhawuh bilih èfèk támbá nganggé yoghurt kadosipun langkung ampuh ndayagunani tinimbang krim antijamur klotrimazol (Canesten).

    Éwodènten U.S. National Library of Medicine (Pabukon Kedokteran Nasional AS) ngaturaken bilih supositoria saking yogurt ingkang ngandhut Lactobacillus saget mbiyantu nambani infèksi jamur. Pabukon puniká ugi wanti-wanti bilih dhahar yoghurt boten saget kanggé nyegah infèksi jamur wau.

    Risiko, Tetimbangan

    Yoghurt murni alami ingkang ngandhut Lactobacillus lan tanpá gendhis saget mbiyantu kanggé nambani infèksi ing pawestrèn lan ngedhemaken gejalanipun. Awas, kedah yoghurt ingkang murni (anyep tur kecut sanget). Yoghurt ingkang manis ngandhut gendhis malah saget ndadosaken infèksi sangsáyá nemen, sarèhning gendhis nyebabaken ragi jamur tuwuh tambah kathah. Kejawi makaten, yoghurt pancèn ampuh ndayagunani kanggé támbá infèksi jamur, nanging saget mawon alon mboten rikat kados krim antijamur.

    Támbá pakem, gejala, jalaran

    Wonten obat pil, krim, sáhá supositoria kanggé nambani infèksi jamur. Pawestrèn nggadhahi kahanan lingkungan ragi lan bakteri ingkang seimbang. Menawi kaseimbangan wau kaganggu, ragi jamur Candida langkung kathah, pramilá saget dados infeksi jamur.

    Kapan kedah tindak dateng dokter?

    Infèksi jamur ing pawestrèn lumrah dipunalami sebagéan ibu-ibu, saget dipuntambani, boten usah dipunkuwatosaken. Menawi raos sakit dangu boten ical-ical utawi wonten gejala sanèsipun pramilá kedah tindak dateng dokter supados saget dipunpriksá mbok menawi wonten sebab sanèsipun.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleGègèran Gunem-takèn Jurnalis Wanitá Amérika lan Putin
    Next Article Andhuk Saking Holland
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.