Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ing Walandi Idul Fitri Dipunwastani Suikerfeest
    Den Haag

    Ing Walandi Idul Fitri Dipunwastani Suikerfeest

    By Eddi Santosa15.05.20212 Mins Read

    DEN HAAG – Idul Fitri ing Walandi dipunwastani Suikerfeest (harfiah: dinten riáyá gendhis), dinten riáyá ingkang kathah pasegahan sarwá manis.

    Temtu kémawon nami Suikerfeest boten mathuk kaliyan tegesipun Idul Fitri miturut agami, kados kawulá Indonesia ugi gadhah nami ingkang bènten malih inggih puniká lebaran, utawi bádá kanggé párá kawulá Jawi.

    Nami Suikerfeest asalipun saking kawulá Turki ing Walandi, sarèhning kawulá Turki miturut tradisi naliká wekdal Idul Fitri biasa nyaosaken pasegahan sarwá manis, kadostá: baklava, kunéfé, kataifi, lokum, lokma, kazandibi, dondurma, firinda sutlac.

    Ing básá Turki dinten Idul Fitri puniká dipunwastani Şeker Bayramı (Şeker = gendhis; Bayramı = dinten riáyá), dados nami Suikerfeest kadosipun minongká tarjamahan langsung saking tembung Şeker Bayramı wau. Kadhang kálá kawulá Turki ugi nganggé tembung Ramazan Bayramı kanggé nyebat Idul Fitri: Ramazan = Ramadan, Bayramı = dinten riáyá.

    Kawulá Arab Marokko ing Walandi ugi miturut tradisinipun menawi Idul Fitri biasa ngaturaken pasegahan ingkang sarwá manis, antawisipun chebakia, harcha, briouats, ghoriba, brioche, lan sellou. Umumipun kawulá Arab langkung remen nganggé nami Idul Fitri, sebab nami Suikerfeest tegesipun mligi tinuju urusan dhahar.

    Nami sanèsipun kanggé Idul Fitri ing tengahing kawulá Arab Marokko ing Walandi inggih puniká Ied el-Seghir (عيدالصغير), tegesipun Klein Feest (dinten riáyá alit), éwodenten Idul Adha dipunwastani Grote Feest (dinten riáyá ageng). Kawulá ing Walandi kathahipun nganggé nami Suikerfeest, ugi saget dipunpanggihi ing guneman-guneman, jurnal, kalender, dokumèn, sáhá media. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article12% Non-Muslim Walandi Sarujuk Idul Fitri Dados Dinten Riáyá Resmi
    Next Article Dermatolog: Asring Cuci Astá Saget Kénging Èksém
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.