Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    Jaman Mbah Buyut

    Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

    By Eddi Santosa14.07.20222 Mins Read
    Klik Inlander udud!
    Inlander udud © KITLV

    SOLO – Inlander udud klobot, klaras, kawung. Priyantun Walandi ududipun merk Mignot & De Block: Fleur de Amsterdam, Van Nelle, Kansas, Blue Ribbon, Richmond, Ardath.

    Tradisi udud sanès kabudayan bongsá pribumi Nuswantárá, nanging niru bongsá Walandi ingkang nepangaken udud saking tradisi bongsá Indian, Amérika.

    satá = mbako (ngoko)

    Het Javaanse Blad

    Bongsá Walandi udud pipá cangklong, cerutu, pegánipun wangi semribit, awis sanget. Utawi udud ‘witte sigaretten‘ (rokok putih, rokok pethak).

    Kadostá merk De Olifant VOC saking De Oude Leeuw, lajeng cerutu damelan Mignot & De Block: Princesas, Fleur de Amsterdam, Fleur de la Hollande, Sublimes, La Semeuse lan Pelikaan.

    Lajeng udud rokok pethak Van Nelle, utawi Faroka, Kansas, Wembley, Blue Ribbon, Richmond, Monaco, Aida, Golden, Eagle, lan Davros damelan pabrik N.V. tot Exploitatie van Ciggarettenfabrieken Faroka ing Malang.

    Klaras, Kawung

    Párá kawulá inlander alias pribumi ududipun punápá? Wekdal semanten kathahipun udud linthingan nganggé godhong-godhongan, makaten miturut monografi “Tabak” (Satá) saking dines pajek Walandi.

    Umumipun wonten kalih godhong kanggé udud: klaras, saking godhong utawi kulit jagung; kawung, saking godhong nipah. Sabagéan pabrik ing Bandung lan Priangan nganggé godhong arèn.

    Klaras lan kawung wau dipuntalèni nganggé blóngsong. Isinipun satá (mbako) langkung sakedhik, pramilá rupinipun langkung lencir tur langkung dowi tinimbang rokok pethak.

    Isi rokok linthingan pribumi puniká nganggé campuran cengkèh, menyan, lan gendhis, dados pegánipun kenceng ambet menyan. Párá kawulá ing Solo mastani puniká ‘rokok diko’.

    Kawulá Ngajogjákartá-Surákartá langkung remen linthingan nganggé pupus, konya lan kawung. Pupus inggih puniká saking godhong pisang anèm, konya saking godhong nipah, lajeng kawung saking godhong arèn. 

    Rokok linthingan saking pupus dipuntutup raket mawi lèm, éwodènten konyá lan kawung nganggé blóngsong. 

    Racikan isi rokok pupus, konya lan kawung antawisipun nganggé campuran satá Tuban lajeng 15 bahan antawisipun gendhis, cengkèh, kajeng legi, klembak, cendáná lan kecubung.

    Ing daérah adhem kados Kedu lan Banyumas párá kawulá mriká langkung remen udud rokok linthingan khas Wonosobo, ingkang ngandhut 50% satá lajeng 50% malih klembak, menyan, lan cengkèh. 

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    Next Article Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.