Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Jerman Nglarang Wargi India Mlebet
    Internasional

    Jerman Nglarang Wargi India Mlebet

    By Eddi Santosa25.04.20212 Mins Read
    Jerman - Het Javaanse Blad
    Ngentosi (kredit: Jacek Dylag/Unsplash)

    BERLIN – Jerman netepaken pranatan wiwit dinten Ngahad malem Senèn bilih wargi India boten kénging mlebet wilayahipun.

    Namung wargi Jerman piyambak ingkang kundur saking India taksih kénging mlebet, kanthi syarat saget nedhahaken serat tès negatif Corona lan kedah karantina dangunipun 14 dinten, makaten Mentri Keséhatan Jens Spahn, paring wárá-wárá mawi Twitter dinten Setu (24/4/2031).

    Ab Sonntagnacht dürfen nur noch Deutsche aus Indien einreisen, diese müssen zudem vor Abflug getestet werden und sich unverzüglich nach der Einreise in eine 14-tägige Quarantäne begeben. (2/2)

    — Jens Spahn (@jensspahn) April 24, 2021

    “Mutasi virus ingkang kepanggih ing India damel kitá kuwatos sanget. Supados boten mbebayani kampanye vaksinasi kitá, pramilá késahan saking India kedah dipunwatesi,” ngendika Spahn. 

    Negari-negari sanèsipun ugi sampun langkung énggal matesi késahan saking India. Ing Jerman dugi dinten Setu sapuniká sampun wonten 25 panularan varian saking India. Mutasi virus Corona puniká langkung nulari tinimbang varian ingkang sampun wonten ing Eropa.

    Check-in (Phil Mosley/Unsplash)

    Varian India puniká sapuniká ugi kepanggih ing Swiss. Inggris dinten Setu sampun nglarang tiyang-tiyang saking India mlebet wilayahipun. Sadèrèngipun Indonesia lan Kanada ugi sampun netepaken pranatan ingkang sami.

    Sawetawis puniká Belgia ugi ngersaaken pranatan ingkang langkung teges tumrap tiyang-tiyang késahan amargi virus Corona varian India. Éwodéné Mentri Keséhatan Walandi Hugo de Jonge sampun ngendiká dinten Kemis bilih sawetawis dèrèng wonten larangan tiyang saking India mlebet Walandi.

    India sapuniká ngadhepi gelombang Corona kaping kalih ingkang awrat sanget, ingkang miturut párá ahli dèrèng dugi titik puncakipun. Saben dinten èwonan warginipun positif tès. Sarèhning kathah panularan, kantor-kantor kanggé tès Corona boten saguh ngadhepi. Griyá-griyá Sakit ugi kuwalahan, boten cekap obat-obatan lan panggénan kanggé pasien Corona. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article6 Pitutur Ramadan Séhat
    Next Article Korupsi ing Subah
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.