Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 
    Den Haag

    Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

    By Eddi Santosa14.01.20222 Mins Read

    DEN HAAG – Wiwit dinten Setu, 15 Januari 2022, toko-toko kénging bika malih, nanging dipunwatesi dugi jam 17.00, pelanggan saget mlebet tanpá damel janji.

    Salajengipun párá pelanggan wajib nganggé masker, ugi jumlah pelanggan ingkang mlebet dipunwatesi mawi ukuran 1 pelanggan per 5 m2. Salon lan panggénan olahraga ugi kénging bika malih.

     Nanging rèstoran lan café sáhá gedhong kabudayan taksih kedah tutup 10 dinten malih dugi tanggal 26 Januari 2022. Kabinèt dèrèng maringi idin senaosá wonten unjuk raos ing pinten-pinten panggènan ing Walandi.

    “Dèrèng wancinipun maringi idin sèktor puniká kanggé bika malih,” makaten PM Mark Rutte naliká ngaturaken konferènsi pèrs dinten Jemuah (14/1/2022).

    Miturut Rutte, pancènipun boten sedáyá saget bika malih sareng-sareng, sarèhning ongká panularan taksih inggil. Piyambakipun ngendiká saget mangertosi bilih dhawuh kabinèt puniká dipunraosaken boten adil déning tiyang-tiyang ingkang makaryá ing rèstoran lan café.

    Kabinèt ugi miyaraken dhawuh nganggé masker, wonten pundi mawon menawi boten saget jagi let 1,5 mèter pramilá wajib nganggé masker, kados ing gang-gang tetokoan lan ing panggènan makaryá.

    Ugi PM Mark Rutte paring dhawuh bilih masker saking bahan kain boten netepi syarat. Langkung saé menawi párá kawulá nganggé masker medis.

    Sawetawis puniká Menteri Keséhatan Ernst Kuipers ngendiká bilih sasampunipun kalih taun kitá sapuniká dugi ing tataran énggal pandemi.

    “Pramilá kitá kedah sinau gesang kaliyan virus Corona senaosá virus puniká tansah mutasi. Déning varian Omikron kathah tiyang ingkang katularan, nanging kabinèt sampun nimbang-nimbang mundhut risiko kanggé angglonggaraken lockdown. Amargi kedahipun makaten,” ngendikanipun Menteri Kuipers.

    Sadèrèngipun pamréntah Walandi netepaken lockdown malih wiwit 19 Desember jam 05.00 dugi sakirangipun 14 Januari 2022, sarèhning wonten bebáyá varian Omikron. Namung toko sembako lan apotik ingkang kénging biká.

    Makaten dipunaturaken déning Perdana Menteri Mark Rutte naliká maringi konferènsi pèrs dinten Setu dalu (18/12/2021) jam 19.00. Kabinèt sarujuk kaliyan Outbreak Management Team (OMT) ingkang ngaturakan pirembag supados pamréntah netepaken pranatan lockdown kenceng kanggé nanggulangi virus Corona varian Omikron.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleOmikron Paling Kathah ing Amsterdam
    Next Article Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.