Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Kabinèt nDhapuk Dutá Ageng
    Den Haag

    Kabinèt nDhapuk Dutá Ageng

    By Eddi Santosa10.04.20212 Mins Read
    DPR Walandi - Het Javaanse Blad
    Rembugan nJajagi Kabinèt Énggal (Foto: De Tweede Kamer der Staten Generaal)

    DEN HAAG – Kabinèt mangsuli usul panyuwunipun Menteri Mancánegari Blok sarujuk ndhapuk sekawan Dutá Ageng.

    Piyambakipun sekawan Dutá Ageng puniká nembé resmi menawi negari-negari ingkang badhé kalenggahan sampun kersá ngidini, makaten serat Ministerraad ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad, dinten Jemuah (9/4/2021).

    Perdana Menteri Mark Rutte kalih Pangarsá Tweede Kamer Khadija Arib (Foto: Tweede Kamer der Staten Generaal, rechtenvrij verklaard)

    Párá sekawan Dutá Ageng wau sáhá kalenggahanipun nggih puniká:

    1. Esther Loeffen, sapuniká KUAI ing Bujumbura, dados Dutá Ageng ing Burkina Faso, kalenggahan Ouagadougou.

    2. Govert Jan Bijl de Vroe, sapuniká Dutá Ageng ing Riga, dados Dutá Ageng ing Finland, kalenggahan Helsinki.

    3. Johan Verboom, sapuniká Konsul Jenderal ing Milan, dados Dutá Ageng ing Slovenia, kalenggahan Ljubljana.

    4. Gabriella Sancisi, sapuniká Sekretaris Partikelir Gusti Kanjeng Ratu ing Kraton, dados Dutá Ageng ing Slovakia, kalenggahan Bratislava.

    Kejawi makaten, ugi Komisi Jabatan Inggil Kamenterian Máncánegari mawi idin Menteri Máncánegari Blok ndhapuk Konsul Jenderal kanggé pos-pos puniká:

    1.Konsul Jenderal Chongqing: Huub Buise, sapuniká KUAI ing Yangon.

    2.Konsul Jenderal Milan: Mascha Baak, sapuniká KUAI ing Riyad.

    3.Konsul Jenderal St. Petersburg: Carl Peersman, sapuniká utusan ing NATO Brussel, minongká Parampárá Sipil SHAPE.

    Pandhapukan utusan iklim: Jaime de Bourbon de Parme, sapuniká utusan ing UNHCR Jenéwa minongká Parampárá Senior babagan Séktor Kamitran Swastá, dipundhapuk Kamenterian Máncánegari sáhá Kamenterian Ékonomi minongká utusan iklim atas nami pamréntah.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleTjeenk Willink: Rutte Saget Nglajengaken Dados Perdana Menteri
    Next Article Pasaréan Pangéran Philip, Meghan lan PM Johnson Boten Rawuh
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.