Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Kacilakan Kali Banger 1932
    Jaman Mbah Buyut

    Kacilakan Kali Banger 1932

    By Eddi Santosa22.04.20211 Min Read
    Dokar - Het Javaanse Blad
    Tuládhá kacilakan (foto: eerstehulponderwijs)

    PEKALONGAN – Satunggaling dogcar (dokar, red) dinten Jemuah dipuntabrak ing kretek ageng Kali Banger, antawis Batang lan Pekalongan, déning mobil H 6121 saking Semarang, ngantos kapetek dugi pinggir margi.

    Makaten kapethik saking De Locomotief, serat kabar babaran Uitgever De Groot, Kolff & Co, Semarang, dinten Senèn (31/10/1932).

    Mobil wau risak ing bagéan spatbord (Jawi: slébor), sawetawis dokar wau tugel kajeng boom-ipun. Apes tinemu apes, satunggaling laré pribumi kirang langkung 12 taun kénging dokar wau, kajeng boom ingkang tugel kénging padharan bagéan andhapipun, ndadosaken tatu ingkang jero.

    Déning priyantun Eropa ingkang nitih mobil wau, korban dipunbetá dateng Griyá Sakit ing Pekalongan kanthi pangajeng mugi-mugi saget nylametaken gesang laré wau. Éwodènten párá penumpang dokar sedayanipun wilujeng nanging kaget boten kinten-kinten.

    De Locomotief, Senèn (31/10/1932)
    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleWedono Subah
    Next Article Bèntenipun Sado, Délman, Bèndi, Dokar, Glindhing, Andhong
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.