Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Kaji Ngali, Kudus 3 Januwari 1881
    Jaman Mbah Buyut

    Kaji Ngali, Kudus 3 Januwari 1881

    By Eddi Santosa25.02.20212 Mins Read

    KUDUS – Naliká dinten malem Setu tanggal 25 sasi Dhésèmber 1880, ingkang mentas kapengker, tiyang kaji Ngali, gagriyá ing dhusun Wergu Kulon dhistrik nagari Kudus, dalu puniká kaji Ngali saré ing griyá, sareng wanci jam 2 dalu nglilir saking saré lajeng nganglang dumugi sawingkinging griyá.

    Kaget mireng sabawaning tiyang mawi nyuwárá, “Melèk-melèk!,” saèmpèr tiyang jagi rundhá lajeng murugi sarwi mindhik-mindhik. Sareng celak katingalan yèn ingkang nyuwárá melèk-melèk wau inggih sang duratmáká, awit katondhá sampun akaryá babahan sáhá nyanyi canggah tuwin lenterá, boten sarontá lajeng apitaken sápá iku, sang duratmáká sareng wuningá dipunpurugi tiyang lajeng énggal amangsuli, “Aku!”, sarwi nyawat banon kénging jajanipun Ngali, lajeng dhawah.

    Boten dangu tangi malih anglawan, ing wekdal puniká ramé sanget udreg-udregan asilih ungkih, gelut akuwel bithi-binithi ngantos kaleresan dintenipun Jumungah énjing kaji wau cukur awit salat Jumungah, sareng raménipun gelut sirahipun kaji Ngali kang katingal menis-menis wau kacokotan ngantos gobrah-gobrah, dalu wau sang pandung karépotan kajengkang…. Boten uwal lajeng kanteman ing ngalu kajeng sirahipun malopor dhawah lajeng pejah, ngènggèn wekdal puniká kaji inggih boten kasupèn cerik-cerik nedhá tulung sáhá binarung ungelipun titir aramé, ananing sadhatengipun párá tandang, sapandung sampun ngemasi.

    Katitipriksá katranganipun tiyang kang mandung wau anami katruná Karim sami dhusun ing Wergu Kulon ugi, pancèn sampun werinipun ing dhusun ngriku, sampun kaping tigá kénging ukumanipun nagari dipun krakal jalaran nyolong darebekipun ing tiyang, ananging taksih katingal seneng ing manahipun kadosá mangké kapok. Ingkang dados gumunipun tiyang kathah wau, déné mandung mawi bektá canggah sartá lenterá, kados punika, sareng lumampah dumugi pangggènan pajagèn tiyangipun saré lajeng canggahipun kabektá sartá lenteranipun pisan.

    Titi ing Kawitan ping 3 Januwari taun 1881
    Katandhan Gumun.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article‘Kulá Sanès Indo, Nanging Jawi Suriname’
    Next Article Vaksin Covid-19: Bupati Batang Ngutamiaken Wargi Puniká
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.