Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Karsá Susut Lemak Langkung Kathah? Ngunjuk Èsprèsso
    Internasional

    Karsá Susut Lemak Langkung Kathah? Ngunjuk Èsprèsso

    By Eddi Santosa14.05.20213 Mins Read

    BRUSSEL – Miturut panelitian énggal, cafèine saget ndorong pambakaran lemak ing badan. Èfèk paling saé inggih puniká manawi ngunjuk 2 cangkir alit kopi saring, utawi 1 cangkir alit èsprèsso.

    Bilih kopi saget mengaruhi prestasi olahraga sampun kantenan dangu, nanging 1 cangkir kopi jebul gadhah èfèk positif saget ndorong pambakaran lemak. Makaten kasilipun panelitian tim ilmuwan Universitas Granada kados kaserat ing majalah ilmiah Journal of the International Society of Sports Nutrition.

    dosis 3 mg/kg caféine tegesipun 3 mg caféine per kg bobot badan

    Tim maringi 15 tiyang tugas salebeting pinten-pinten minggu saben jam 08.00 lan jam 17.00 nglampahi olahraga. Setengah jam sadèrèngipun, tiyang-tiyang wau pikantuk placebo lan 3 mg/kg caféine, kirang langkung sami kados ngunjuk 1 cangkir alit èsprèsso. 

    Dosis 3 mg/kg caféine tegesipun 3 mg caféine per kg bobot badan (BB). Upaminipun BB panjenengan 50 kg, tegesipun panjenengan mbetahaken 3 mg x 50 = 150 mg caféine.

    badan kitá gadhah 2 sumber ènèrgi: lemak lan gendhis

    Tiyang ingkang pikantuk caféine préstasinipun jebul boten namung saé, nanging ugi grafik pambakaran lemakipun minggah inggil, utaminipun ing wanci sonten. Miturut panelitian wau pambakaran lemak dipundorong déning kopi. Dayanipun ing wanci sonten langkung ageng.

    Kasil panelitian wau dipuntegesaken dèning dr. Servaas Bingé, dokter saking Belgia spésialis olahraga sáhá kagungan praktik dokter umum, kados kapethik saking Algemeen Dagblad dinten Jemuah (14/5/2021).

    “Kitá sampun dangu pirsá bilih caféine saget ndorong préstasi. Puniká wau wonten gandhènganipun kaliyan cárá badan kitá nganggé bahan bakar naliká olahraga. Badan kitá gadhah 2 sumber ènèrgi: lemak lan gendhis. Saben olahraga nemen, badan badhé mbakar gendhis minongká sumber ènèrgi. Nanging manawi olahraga alon-alon, kados nyepéda, badan badhé mbakar langkung kathah lemak tinimbang gendhis,” ngendiká dr. Bingé.

    Punápá urusanipun kalih kopi? “Manawi ngunjuk kopi, badan badhé mbakar langkung kathah malih lemak tinimbang gendhis, ugi manawi olahraga nemen,” makaten dr. Bingé.

    Lajeng pinten cangkir kitá kedah ngunjuk kopi? Saking panelitian wau, kitá paling saé manawi ngunjuk 150 mg caféine, kirang langkung 2 cangkir kopi saring utawi 1 cangkir alit ésprèsso kenthel, gumantung kaliyan BB. Kitá saget mawon ngunjuk kopi langkung kathah, nanging boten bakal pikantuk dáyá langkung kathah malih.

    Kanthi umum kitá pikantuk manfaat saking kopi, nanging dr. Bingé wanti-wanti bilih satunggal tiyang kaliyan sanèsipun bènten-bènten, boten sami. 

    Sebagéan tiyang badanipun saget ènggal mprosès caféine tinimbang tiyang sanèsipun. Upaminipun garwá panjenengan jam 22.00 taksih ngunjuk kopi lan saget saré sampurná. Sawetawis panjenengan manawi jam 14.00 taksih ngunjuk kopi, dalunipun boten saget saré.

    “Sadáyá wau wonten gandhènganipun kaliyan gèn sáhá ènzim-ènzim ing daleming lever (ati) panjenengan. Menawi ènzim-ènzim wau ngolahipun caféine alon sanget, pramilá caféine wau ugi dipunprosès dangu sanget, langkung dangu ing badan panjenengan, ugi langkung dangu ndorong mbakar lemak,” makaten dr. Binge.

    Nyepengi makaten, kitá saget nginten bilih manawi kitá ngunjuk kopi sadèrèngipun olahraga, kitá bakal langkung énggal kuru, BB mandhap, nanging boten makaten. Wonten nuansa ingkang penting.

    “Naliká olahraga pancèn lemak ingkang wonten ing badan dipunbakar. Nanging boten lajeng lengen ingkang glambir-glambir utawi padharan gendhut langsung dados susut, sabab ing rah panjenengan ugi wonten kathah lemakipun. Tambahan malih èfèk kopi tetep minimal. Sinten karsá langsing, pramilá langkung pikantuk manfaat menawi dhahar séhat tur gerak badan teratur,” makaten dr. Bingé.(es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleGusti Kanjeng Ratu Ngrawuhi Orasi Párá Profesor PCL
    Next Article Punápá Kitá Saben Dinten Kedah Mlampah 10.000 Jangkah?
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.