Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Kathah Kecu, Kemis, 14 September 1950
    Jaman Mbah Buyut

    Kathah Kecu, Kemis, 14 September 1950

    By Eddi Santosa05.03.20211 Min Read

    BATANG – Ing dalu dinten Setu malem Ngahad kálá wingi haji Wohor gagriyá ing dhusun Jatisari, kecamatan Subah, Batang, kerawuhan gerombolan kecu ngastá gaman.

    Gerombolan kecu wau ngrampas rádjá pèni kanthi regi kirang langkung 6.669 gulden sáhá artá kontan 1.800 gulden, makaten De Locomotief, Kemis (14/9/1950).

    Ugi ing dhusun Wonokerto, kecamatan Wirádesá, Pekalongan, boten dangu kapengker wonten wargi ingkang kerawuhan gerombolan kecu ngastá bedhil. Barang ingkang dipunrampas kinten-kinten nggadhahi regi 130 gulden.

    Salajengipun wonten wargi priyantun Arab gegriyá ing dhusun Kauman kuthá Pekalongan ugi kerawuhan gerombolan kecu. Saking piyambakipun gerombolan kecu wau ngrampas barang reginipun 800 gulden. Miturut piyambakipun gerombolan kecu wau kathahipun wonten 14 tiyang kanthi ngastá bedhil lan pistol.

    Kejawi makaten wonten manten lurah dhusun Rejowinangun, kecamatan Kedungwuni, ugi kerawuhan gerombolan kecu. Manten lurah puniká kadosipun nglawan lajeng dipunpejahi. Kathahipun barang utawi artá ingkang dipunrampas párá kecu taksih dèrèng pati cethá. (es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleBabad Tiyang Jawi ing Suriname
    Next Article Salásá Kliwon Kaping 21 Jumadilakir Jé 1822
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.