Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Kersanipun Boten Pikun Miturut dr Verhoeff
    Internasional

    Kersanipun Boten Pikun Miturut dr Verhoeff

    By Eddi Santosa18.10.20213 Mins Read
    Foto: Unsplash/Fakurian Design

    DEN HAAG – Pripun caranipun njagi utek tetep ing kahanan top? Kedah dhahar punápá, kapan, pinten kathahipun? Puniká pitutur saking dr Rutger Verhoeff.

    oméga 3 wigatos kanggé urat syaraf

    dr Verhoeff

    Menawi saben dinten kitá dhahar, ngunjuk, saré lan gerak kanthi leres pener pramilá kitá saget kathah ngirangi kamungkinan pikantuk penyakit menawi sepuh mangké, boten namung jasmani, nanging ugi kapikunan.

    Foto: Unsplash/Camila Igisk

    Organ utek kitá kadamel saking jaringan sèl-sèl syaraf ingkang njlimet ingkang sambung-sinambung satunggal kalih sanèsipun. Pramilá wigatos sanget ngrumat sambungan-sambungan wau lan ndamel sambungan énggal. Kanggé pakaryan ingkang mbetahaken kathah ènèrgi wau dipun preloaken zat-zat pambangun, vitamin lan mineral, utaminipun asem lemak.

    kacang kenari kathah ngandhut omega 3

    dr Verhoeff

    “Omega 3 wigatos kanggé komunikasi ingkang cepet tur saé antawis sel-sel syaraf. Kekirangan Omega 3 saget ndadosaken kirang konsentrasi tur supénan, pikun, ugi dipunkaitaken kalih Schizofrenie lan penyakit Alzheimer,” makaten dr. Verhoeff kapethik saking Algemeen Dagblad dinten Senèn (18/10).

    Foto: Unsplash/Mockup Graphics

    Kacang kenari saé sanget kanggé organ utek. Kacang kenari boten namung ngandhut kathah antioksidan ingkang dipunbetahaken kanggé mberantas radikal bébas, nanging ugi kathah ngandhut asem lemak Omega 3. Saking sedáyá kacang-kacangan, kacang kenari ngandhut paling kathah senyawa wau, utaminipun asem alfa-linolenat (ALA).

    “ALA saget nyegah neuro-inflamasi,” ngendiká dr. Rutger Verhoeff.

    Sapuniká panjenengan mesthi menggalih 1 + 1 = 2, kanggé utek ingkang bagas waras séhat ènggal tindak dateng toko kacang mborong kacang kenari. Émanipun boten simpel kados makaten. 

    “Dipunperloaken vitamin-vitamin lan mineral sanèsipun kanggé nyegah organ utek ngalami kamunduran. Supados makaten pramilá dhahar ingkang variatif selang-seling wigatos sanget, kanthi cekap sayur lan woh-wohan. Menawi bosen, dhahar sagenggem kacang kenari saben dinten ugi saget. Kacang kenari saé kanggé organ utek, nyegah penyakit jantung sáhá urat getih (rah) lan diabetes,” makaten dr. Rutger Verhoeff.

    Ugi vitamin-vitamin B, kados Omega 3 saget ngatur komunikasi ingkang cepet antawis jaringan urat syaraf ing utek. Kakirangan vitamin B12 saget ndadosaken gangguan kognitif, kados gampil supé. Kejawi makaten mineral-mineral kados yodium (I), sènk (Zn) lan wesi (Fe) ugi wigatos sanget kanggé pangembangan utek laré-laré ingkang taksih tuwuh.

    Éwodènten miturut chef-kok Ramon Beuk supados tetep séhat jané gampil boten angèl.

    “Dhahar kathah sayur lan woh-wohan supados pikantuk kathah vitamin, antioksidan, lan mineral. Utaminipun selang-seling kalih macem-macem sayur lan woh-wohan puniká wigatos sanget, sarèhning sedáyá wau ugi ngandhut zat-zat gizi ingkang migunani,” makaten Ramon Beuk.

    Boten namung kacang-kacangan mawon ingkang ngandhut kathah Omega 3, nanging ugi ulam ingkang nglengá kados ulam lemuru, kembung, lan salem. Ulam ugi sumber vitamin B12. Sumber vegetaris (sanès daging) kanggé vitamin-vitamin B antawisipun polong-polongan lan kacang-kacangan, kados kacang abrit lan kacang ijem.

    Kejawi dhahar, ngunjuk ingkang cekap ugi wigatos sanget kanggé utek. Supados utek saget makaryá kanthi saé kedah ngunjuk antawis 2 dugi 3 liter saben dinten.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleKopi Bakal Sangsáyá Awis
    Next Article Mentri Grapperhaus: 800 Panggénan Kanggé Wargi Afghan
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.