Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Keukenhof Taman Sekar Tulip Wanci Pandemi
    Den Haag

    Keukenhof Taman Sekar Tulip Wanci Pandemi

    By Eddi Santosa30.04.20212 Mins Read

    LISSE – Salebeting sasi-sasi kapengker puniká Keukenhof (taman sekar tulip ingkang misuwur sejagad, red) sampun nyiapaken sedayanipun supados saget bika malih sasampunipun wonten pranatan Corona.

    Nanging pamréntah Walandi paring dhawuh dumateng Keukenhof bilih taman sekar tulip puniká dèrèng kénging bika kados waunipun, kejawi nguteri taman mawon kanggé panggénan mlampah-mlampah ngraosaken kaéndahan sáhá asrinipun alam. 

    Cacahipun tamu ingkang saget mriki dipunwatesi, karcis namung saget dipunpendhet mawi online kanggé wekdal-wekdal ingkang sampun dipuntemtuaken, lajeng kori puter mekanis ugi sampun dipunpasang, saénggá tamu saget mlebet tanpá kontak kaliyan tiyang sanèsipun. Éwodènten sedáyá gedhong ing Keukenhof taksih kedah tutup.

    “Damel kuciwá sanget dumateng sinten kémawon ingkang karsá mirsani Keukenhof bilih kami sepindhah malih dèrèng kénging bika taun puniká. Miturut pranatan Covid-19, mlampah-mlampah nguteri Keukenhof taksih aman.  Taun kapengker, kami dipundamel kaget déning Covid-19 lan boten kénging bika taman. Tahun puniká kami sampun siyap pranatan Covid-19 lan boten tinemu nalar tiyang-tiyang saget mlampah-mlampah ing taman pundi kémawon ing Walandi, kejawi Keukenhof,” makaten Direktur Keukenhof Bart Siemerink.

    Taman Keukenhof puniká wiyaripun 32 hektar, kirang langkung 50 lapangan bal-balan) lan nggadhahi margi mligi kanggé mlampah dowinipun 15 km. Keukenhof mbetahaken wekdal setaun kanggé nyiapaken bika wanci taun salajengipun. 

    Kejawi ndamel kuciwá sarèhning dèrèng kénging biká taun puniká, ugi ndamel katunan ingkang ageng dumateng firma-firma ingkang dados mitrá, antawisipun saking industri hortikultura sáhá pariwisátá.

    Keukenhof puniká taman sekar tulip ugi ajang paméran internasional kanggé séktor florikultura Walandi ingkang dipundamel sareng-sareng atusan firma florikultura. Keukenhof puniká ikon Walandi. Taun 2019 sadèrèngipun wonten pagebluk Corona, Keukenhof dipunrawuhi 1,5 juta tiyang saking pundi-pundi kémawon, antawisipun 20% saking Walandi piyambak, 80% saking máncánegari sejagad.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article28 April Pamréntah Walandi Nglonggaraken Lockdown
    Next Article Paméran Foto Walandi Naliká Jaman Perang
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.