Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Klidang, Depok, Ciláká Mbedhag Cèlèng
    Jaman Mbah Buyut

    Klidang, Depok, Ciláká Mbedhag Cèlèng

    By Eddi Santosa12.03.20211 Min Read

    PEKALONGAN – Sasi kapengker ing Batang kedadosan kacilakan mbedhag, ingkang akibatipun juru bedhag, satunggaling priyantun Ciná, tilar donyá, makaten De Locomotief (6/6/1902).

    Kalih priyantun Walandi lan sami kathahipun priyantun Ciná tindak mbedhag cèlèng wonten ing alas alang-alang caket dhusun Depok. Satunggal cèlèng ageng dipunpejahi, sawetawis satunggaling priyantun Ciná wau mbedhil 2 cèlèng alit, lajeng badhé nggantung cèlèng wau wonten ing satunggaling wit, supados boten kanggé rayahan segawon-segawon pamburu.

    Naliká piyambakipun taksih nindakaken makaten, bedhilipun jinis tromplader kaliber ageng, dhawah lajeng mungel mbedhil, péloripun nembus pamenthangan kiwánipun.

    Satunggaling réncang mbedhag wekdal semanten ugi énggal tindak dhateng Kapitein Ciná ing Klidang, lajeng dhumateng piyambakipun sáhá Wedono Batang lapuran nyuwun kanthi sanget supados réncang ingkang kabedhil wau saénggalipun dipunbetá dhateng Pekalongan, supados saget dipunobati déning dhokter.

    Makaten panyuwunan wau dipunwangsuli kanthi rikat, lajeng priyantun ingkang apes wau 16 jam sasampunipun kacilakan dugi Pekalongan, ingkang tebihipun boten wonten 10 km, tatunipun sampun bosok infeksi. Priyantun ingkang tatu wau sampun pejah kanthi sangsárá.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleTingalan Jumenengan Dalem
    Next Article Ngarsá Dalem Tuwi Kriyá Dhateng Inspecteur-Generaal der Krijgsmacht
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.