Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » KNMI: Bebáyá Kode Jené, Angin Prahárá 100 Km/Jam
    Den Haag

    KNMI: Bebáyá Kode Jené, Angin Prahárá 100 Km/Jam

    By Eddi Santosa13.03.20212 Mins Read
    Badai
    credit: unsplash

    DEN HAAG – Ing sedáyá wilayah tanah Walandi dinten sapuniká kénging angin prahárá banteripun 80-90 km/jam, ing wilayah pasisir malah saget ngantos 100 km/jam, makaten Koninklijk Nederlands Meteorologisch Instituut (KNMI), Setu (13/3/2021).

    Sarèhning kahanan kados makaten, KNMI paring kode bebáyá warni jené. Miturut KNMI, angin prahárá wau dumugi saking arah Kidul Kilèn, utaminipun ing wilayah sisih kidul tanah Walandi ugi badhé dipuntututi kalih jawoh deres, sebagéan malah jawoh ès. Angin nembé bakal sirep mangké dalu, lajeng praharanipun ugi ndèrèk kirang.

    In het hele land komen vandaag (zeer) zware #windstoten voor van 80-100 km/uur. Piek in de wind rond het middaguur met in het noorden en westen lokaal 100-110 km/uur. https://t.co/mVXrIU9BIw #knmiwaarschuwing pic.twitter.com/xx8ly7D8Td

    — KNMI (@KNMI) March 11, 2021

    Ing daérah Vlissingen banteripun angin énjing puniká dipunukur ngantos 120 km/jam utawi kekiyatan 10 skala Beaufort, tegesipun prahárá ageng sanget. Antawisipun ing daérah IJmuiden lan Houtribdijk kekiyatan angin dugi 9 skala Beaufort. Pinten-pinten stasiun cuaca ing wilayah kilèn paring lapuran bilih kekiyatan angin antawis 100 dugi 115 km/jam.

    Kahanan makaten ndadosaken lalulintas utaminipun ing wilayah provinsi Noord Holland lan Zuid Holland morat-marit, antawisipun ing margi ageng A9 arah Amstelveen boten tebih saking Rottepolderplein. Ing mriki wonten mobil ciláká dipunwalik déning angin prahárá wau.

    credit: unsplash

    Margi-margi ageng ing daérah Markerwaarddijk antawis Lelystad lan Enkhuizen dipuntutup boten kènging wonten lalulintas amargi angin práhárá wau.

    Sawetawis puniká ugi wonten truk ageng ambruk mbalik kénging angin prahárá ing margi A7, boten tebih saking Noord-Hollandse Middenmeer arah Hoorn. Margi A67 antawis Venlo lan Eindoven dipuntutup amargi wonten truk ageng ingkang sami ciláká kados makaten.

    Ugi miturut stasiun RTL Nieuws wonten ing kuthá Moerdijkbrug wonten bis mbalik kénging angin prahárá ingkang kekiyatanipun boten kinten-kinten wau, ndadosaken margi A16 Rotterdam arah Breda macet, kados saget dipun pirsani saking fotonipun Rijkswaterstaat puniká.

    In het hele land komen zware windstoten voor. Volgens het @KNMI ligt de piek rond het middaguur. Hier op de Moerdijkbrug (#A16) richting Breda is het misgegaan door de wind; dit busje is omgewaaid. Actuele info: https://t.co/tcfggaqOM8 pic.twitter.com/xWkJrd6o39

    — Rijkswaterstaat Verkeersinformatie (@RWSverkeersinfo) March 11, 2021
    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article1918: Peken Batang Gantosipun Peken Klidang
    Next Article 1868: Manggihi Jisim Walandi ing Pacinan Surábáyá
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.