Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ageman Párá Putri Oranje, Koningsdag 2021
    Kraton

    Ageman Párá Putri Oranje, Koningsdag 2021

    By Eddi Santosa03.05.20212 Mins Read
    Putri Alexia - Het Javaanse Blad
    Putri Alexia (Alexia van Oranje/Instagram)

    EINDHOVEN – Punikà busáná ageman Putri Amalia, Putri Alexia, sáhá Putri Ariane naliká riáyá Koningsdag 2021, antawisipun label Natan, Zara, H&M, Majé, lan Marina Raphael, sebagéan ngagem kagunganipun Kanjeng Ratu.

    Senaosá dèrèng saget kados wekdal normal sadèrèngipun pagebluk Covid-19, riáyá Koningsdag dinten tanggap warsá Ngarsa Dalem Rájá Willem-Alexander (54) ing 27 April 2021 sampun kalaksanan kanthi sumringah.

    Koninklijkhuis - Het Javaanse Blad
    Ngarsá Dalem Sakeluargi (Foto: Koninklijkhuis)

    Kaluwargi kraton ngagem busáná pista rawuh ing Eindhoven, kuthá ingkang kadhapuk minongká pusering Koningsdag 2021. Putri Amalia, Putri Alexia sáhá Putri Ariane milih ngagem gathukan antawis high-street kaliyan high-fashion, kalebet aksésori ngampil kagunganipun ibu, Kanjeng Ratu Maxima.

    Putri Amalia, putri pati ingkang bakal marisi makutá, ngagem pantalon ijem kaliyan inggilan biru enèm damelan griyá mode Belgia, Natan. Kanggé nyampurnaaken paningalan, Putri Amalia ngagem jas biru enèm lan clutch warni ijem, ngampil kagunganipun ibu, Kanjeng Ratu Maxima, makaten website Modekoningin Máxima kapethik saking Glamour dinten Senèn (3/5/2021).

    Éwodènten Putri Alexia milih ngagem casual-chique outfit mawi paningalan sarwá warni krèm, monochrome look. Ageman blus piyambakipun mathuk kaliyan vèst damelan high-street label Maje, lajeng high-heel piyambakipun ingkang warni cemeng puniká damelan label Zara.

    Putri Alexia, ragil saking 3 putri, ugi kénging ngampil aksésori kagungan ibu, Kanjeng Ratu Maxima. Alexia milih tas astá warni cemeng, ingkang naté dipunagem déning Kanjeng Ratu Maxima naliká tilik kriyá ing Eindhoven sadèrèngipun. Alexia milih royal blue midi-dress damelan label Natan sáhá tas rafia kulit damelan label Marina Raphael, lajeng jas ngampil saking kagungan ibu, Kanjeng Ratu Máxima.

    Ngarsá Dalem Willem-Alexander piyambak milih ngagem setèlan jas klasik biru donker, sawetawis Gusti Kanjeng Ratu Maxima milih ngagem paningalan jacquard damelan griyá mode Belgia, Natan.

    High-street Avondlooks

    Sontenipun naliká ngrawuhi konsèr ing Kraton Noordeinde, Den Haag, párá putri gantos ageman siang dados ageman sonten. Párá putri milih high-street outfits kanthi swasáná alamiah. Putri Pati Amalia ngagem paningalan warni krèm, pantalon pethak, lajeng atasan warni emas saking label Zara lan jas krèm saking Massimo Dutti. Piyambakipun ugi ngastá tas Marina Raphael sáhá high-heel warni metalik.

    Sawetawis Putri Alexia ngagem paningalan casual: atasan modèl pofmouwen saking label H&M, legging corak kothak-kothak saking label Zara sáhá snickers Nike Air Force 1. Éwodènten Putri Ariane milih ngagem paningalan pethak-cemeng, kanthi pantalon saking label Zara, blouse pethak, sáhá snickers ingkang sami kaliyan kakangmbak Putri Alexia.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleJampi Dalima Pethak, Jampi Teki
    Next Article Naté Mungsuhi, Joram van Klaveren Malah Mlebet Islam
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.