Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Koningsdag, 27 April Ngarsá Dalem Tanggap Warsá
    Kraton

    Koningsdag, 27 April Ngarsá Dalem Tanggap Warsá

    By Eddi Santosa27.04.20212 Mins Read
    Ngarsá Dalem Willem-Alexander (kredit: Koninklijkhuis/RVD)

    DEN HAAG – Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander dinten sapuniká Selásá, 27 April 2021 tanggap warsá ingkang kaping 54, dipunwastani Koningsdag (Dinten Rájá) lan dados libur nasional.

    Het Koninklijk gezin vertrekt vanaf Paleis Huis ten Bosch naar de High Tech Campus Eindhoven voor Koningsdag 2021. Kijk vanaf 10.50 uur naar NPO 1 of online via https://t.co/0TdWxGuZUr.⁰https://t.co/b59jlOSSt0 #Koningsdag #KoningsdagEindhoven pic.twitter.com/GRCZfQUcve

    — Koninklijk Huis (@koninklijkhuis) April 27, 2021

    Ing dinten puniká kawulá Walandi biasanipun riáyá karaméan, nanging sarèhning wonten pagebluk Corona sampun wiwit taun 2020 dugi dinten sapuniká boten nganggé ramé-ramé malih, sakirangipun kanggé sawetawis.

    Dat waren nog eens tijden👌🥳👑🍻🍷🥂🌞#Koningsdag pic.twitter.com/zb8scAdA2X

    — LiNDaJanSe❤🇳🇱 (@Lin_da_07_01_) April 27, 2021

    Kéjawi makaten, tradisi kawulá Walandi naliká Koningsdag nggih puniká dhahar camilan tompouce utawi tompoes, nggih puniká dhaharan rupi kothak ingkang éksak ukuranipun 4 x 10 cm, dhasaripun kalih lapis adonan ingkang kemrenyes gurih, lajeng antawisipun wonten isi bankèt lembut manis, inggilipun dipunlapisi glazur warni oranje, warni simbol trah Oranje, Het Huis van Oranje, dinasti Karajan Walandi.

    Oranje Tompouce

    Tompouce dipun dhahar minongká layan ngunjuk kopi utawi tèh ing café-café kaliyan párá réncang, utawi ing griyá sareng-sareng kaluargi. Miturut tradisi, kantor-kantor utawi firma-firma ingkang boten libur mesthi nyaosaken tompouce kanggé párá punggawanipun naliká wekdal ngopi.

    Ing dinten puniká párá kawulá Walandi salebeting pistá, riáyá biasanipun ramé-ramé ngagem ageman sarwá warni oranje, ugi wig lan corat-corèt warni oranje, ingkang sampun dados warni nasional bongsá Walandi, ingkang ugi ketingal menawi tim nasional bal-balan ndhèrèk kompetisi Piala Eropa utawi Piala Donyá.

    Vrijmarkt bezoeken in Ede tijdens Koningsdag 2019: dit moet je weten – https://t.co/6M9V3SDFMX pic.twitter.com/27IZA9Kk9E

    — indebuurtede (@indebuurtede) April 11, 2019

    Naliká Koningsdag ugi wonten vrijmarkt (peken bébas), nggih puniká párá kawula Walandi bébas sadéan punápá kémawon tanpá idin saking pamréntah, ugi boten kénging pajeg. Sadéanipun nggih puniká barang-barang tweedehand (barang bekas, kalebet barang-barang antik) ing taman-taman, pinggiran margi ing pusering kuthá, camilan, lajeng main musik, ndadosaken kahanan ramé sumringah.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleLewis’ Rijwielhandel Pekalongan
    Next Article Kuthá Eindhoven Dados Pusering Koningsdag 2021
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.