Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Kopi Bakal Sangsáyá Awis
    Den Haag

    Kopi Bakal Sangsáyá Awis

    By Eddi Santosa17.10.20212 Mins Read
    (Foto: Unsplash/Ham Kris)

    DEN HAAG – Sinten remen kopi bakal mbayar sangsáyá awis tur raosipun kirang énak, kirang écá, akibat owahing iklim.

    Regi kopi Arabica dugi dinten sapuniká wiwit taun 2001 sampun mlesat 370%, lajeng wiwit awal taun puniká mawon sampun mindhak 70%. Wekdal sapuniká produsèn mbayar kopi mentah US$ 2,09 (Rp 30.000) per 454 gram kopi Arabica. Éwodènten kopi Robusta sapuniká sampun mindhak 50% wiwit awal tahun.

    Woh kopi (Foto: Unsplash/Rodrigo Flores)

    Miturut analis Rabobank London, Carlos Mera, sedáyá wau kasebab owahing iklim, sebagéan malih ugi krisis Corona.

    “Kaping sepindhah puniká amargi iklim ing Brazil, produsèn kopi paling ageng sajagad. Tahun wingi mèh mboten wonten jawoh ing Brazil, akibatipun kathah taneman mboten saget tuwuh. Sesarengan kalih wau ing kongsá adhemipun adhem samget, saénggá langkung kathah taneman ingkang mati,” makaten Mera.

    Akibat salajengipun panèn kopi pinten-pinten tahun dados gagal, sarèhning wit kopi mbetahaken wekdal 7 taun kanggé ngasilaken sekar lan woh kopi. Pamréntah Brazil ngaturaken bilih puniká panèn kopi Arabica paling awon salebeting wekdal 12 tahun.

    60% Sirná

    Sampun wiwit taun 2019 párá ilmuwan mprèngetaken ing majalah Science Advanced bilih 60% saking sedáyá varietas taneman kopi bakal punah, sirná. Menawi boten wonten tumindak malah taneman kopi Arabica bakal sirná sadèrèngipun taun 2080. Sebab ingkang paling utami inggih puniká owahing iklim, bumi sangsáyá bentèr ndadosaken lemah garing, lajeng kantun sakedhik mawon ingkang saget dipuntanemi kopi Arabica.

    Pancèn taksih wonten taneman kopi varietas sanèsipun, nanging kualitasipun kirang saé lan kathah saking varietas wau ugi mèh sampun punah. Wekdal dinten sapuniká ugi wonten sebab sanèsipun ingkang ndadosaken regi kopi mlesat awis, inggih puniká kekirangan kontainer kanggé ngangkut kopi, sarèhning wonten pandemi Corona.

    “Kopi ekspor diangkut nganggé kontainer. Sarèhning regi sewá kontainer tahun wingi mindhak inggil, puniká ugi mengaruhi regi kopi,” makaten Mera.

    Naliká awal krisis Corona, kathah pelabuhan lockdown, tutup, kontainer-kontainer numpuk boten kanggé, amargi dedagangan internasional mandheg. Sapuniká dedagangan wau mulai normal malih langkung cepet, lajeng pelabuhan lan leveransir kontainer boten saguh ngadhepi panyuwunan. Sapuniká regi séwá €15.000 per kontainer, padhahal sadèrèngipun namung €2.000 per kontainer.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePutri Margriet Ngresmiaken Pusering Kateguhan ngadhepi Bencáná
    Next Article Kersanipun Boten Pikun Miturut dr Verhoeff
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.