Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik
    Kraton

    Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

    By Eddi Santosa08.06.20222 Mins Read
    Klik Kraton Noordeinde!
    Kraton Noordeinde @ unsplash/Marjoline Delahaye

    DEN HAAG – Kraton Noordeinde sáhá Istal Kraton bika malih kanggé párá kawulá saben dinten Setu kawiwitan mangké suryá kaping 23 Juli.

    Wonten ing Kraton Noordeinde saget dipunpirsani ingkang nami Corps de Logis, antawisipun Grote Balzaal (Bangsal Ageng) lan Balkonkamer (Kamar Balkon).

    Sawetawis ing Istal Kraton antawisipun saget dipunpirsani De Gouden Koets (Karétá Kencáná), De Glazen Koets (Karétá Kácá) lan De Koninklijke Bus (Bis Kraton).

    Tamu bakal pikantuk piknik multimedia gratis ingkang ngemu sambutan Ngarsá Dalem sáhá cariyos Abdi Dalem Kraton babagan pakaryan ing kraton.

    Kraton Noordeinde

    Kraton Noordeinde kalenggahan ing Den Haag inggih puniká kraton ingkang dados kantoripun Ngarsá Dalem sáhá panggènan makaryá párá Abdi Dalem.

    Saben taun kathah tamu saking Tanah Walandi lan máncá, kanggé audiènsi, dhahar siang, krédénsial Dutá Ageng, sáhá panganugerahan Appeltjes van Oranje.

    Kraton puniká sampun 500 taun, naté dados dalemipun Louise de Coligny (prameswari Willem van Oranje), Frederik Hendrik, lajeng Willem I. Ratu Wilhelmina sáhá Ratu Juliana lahir ing mriku.

    Istal Kraton

    Taun 1815 Ngarsá Dalem Willem I dhawuh ndamel Departemèn Istal ingkang taksih dipunanggé dugi dinten sapuniká, komplit mawi tradisi, karétá lan jas kusir kuná.

    Departemèn puniká tanggung jawab ngurusi tunggangan kraton sáhá tetamunipun, tradisional lan modern, wonten 30 turánggá lan 70 karétá, antawisipun Karétá Kácá.

    Kaping sepindhah Karétá Kencáná mangké saget dipunpirsani, ugi kendaraan sejarah lan modern, kados Audi A8 sáhá bis kraton, sebagéan hibrida, sebagéan 100% listrik.

    Karcis

    Karcis mlebet Kraton Noordeinde reginipun € 10,00, mlebet Istal Kraton € 7,50. Asmá panjenengan kaserat ing karcis, lajeng ugi kedah ngastá kartu jati diri.

    Ugi wonten karcis gandhèngan kanggé mlebet Kraton lan Istal reginipun €15,00. Karcis namung saget kanggé mlebet ing dinten lan wekdal ingkang kaserat ing karcis.

    Tamu pikantuk multimediatour gratis kanggé mlebet Kraton Noordeinde lan buku katrangan naliká mlebet Istal Kraton.

    Tamu yuswá dugi 18 taun saget mlebet gratis, nanging kedah pesen karcis atas nami piyambakipun. Per booking namung saget pesen 6 karcis.

    Kraton bika jam 10.00-17.00, éwodènten Istal Kraton jam 12.00-17.00. Karcis saget dipunpesen mangké suryá 14 Juni jam 10.00 mawi https://www.koninklijkeverzamelingen.nl/tickets. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleRatu Elizabeth Ngunjuk Tèh Sareng Paddington
    Next Article Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.