“Tujuan paling utaminipun supados tlacakipun Jawi Suriname wonten ing Den Haag mboten ical,” makaten Hariëtte Mingoen, pangarsá Stichting Comité Herdenking JavaansImmigratie/STICHJI (Yayasan Panitia Prèngetan Imigrasi Jawi, red).
Dinten sapuniká piyambakipun ngaturaken arsip digital saking proyèk warisan kaum Jawi ten Walandi dumateng Haags Gemeentearchief (HGA). Arsip puniká ngemu antawisipun wawancárá, foto, film, audio, artikel serat kabar, lan publikasi sanèsipun. Ugi ten lebetipun wonten katerangan babagan panggènan-panggènan umum ing mriku bongsá Jawi kagungan andhil kadostá upaminipun masjid, wandé dhahar, lan pangurusan tiyang sepuh.
“Mungguhipun kulá puniká mboten limrah, amargi nembé puniká ingkang kaping sepindhah kitá nampi arsip digital,” ngendiká Ellen van der Waerden, manajer HGA.
Bilih puniká ugi pakaryan saking organisasi migran, temtu tambah istiméwa pisan, sarèhning taksih sakedhik sanget ingkang kados puniká. “Kulá ngarsaaken supados organisasi migran sanèsipun ugi ndhèrèk nyusul ngaturaken arsip piyambakipun dumateng kitá,” makaten Van der Waerden.
Sekretaris Stichting Comité Herdenking Javaanse Immigratie (Yayasan Panitia Prèngetan Imigrasi Jawi) Lisa Djasmadi njlèntrèhaken masalah ingkang kadosipun dados panyebab tiyang Jawi wonten ing Walandi.
“Kathah ingkang mbingungaken tiyang Walandi perkawis jatidiri kitá. Sebab wonten tiyang Walandi Indonesia, tiyang Indonesia, lan tiyang Jawi Suriname. Tigang golongan puniká tansah klèntu dipunsebat,” ngendiká Lisa.
Pangarsá STICHJI Hariëtte sarujuk kaliyan Lisa, “Tiyang Jawi asring matur: Kulá boten wigatos, lajeng mèndel, andhap asor. Ingkang kulá badhé jelasaken nggih puniká tiyang Jawi Suriname, senaosá ugi mèndel, nanging nggadhahi cariyos ingkang prelu. Puniká kalebet babad Walandi. Walandi kados punápá kémawon tanggung jawab bilih tiyang-tiyang sepuh kitá wiwit 9 Agustus 1890 dugi Suriname, lajeng dugi Walandi. Kulá rumaos kuciwá menawi puniká dados lembaran ingkang dipun supéaken,” imbuh Hariëtte.
“Puniká proyèk ingkang saé tur wigatos sanget,” ngendiká Reinier Kromopawiro, panyerat buku Watersé lan salah satunggaling tiyang Jawi Suriname generasi sapindhah ingkang gagriyá ing kuthá Den Haag wiwit taun 1967.
“Ten wekdal semanten tiyang-tiyang Walandi asring nakèni kulá, ‘Panjenengan saking Indonesia?’ Piyambakipun kagèt menawi kulá mangsuli bilih kulá tiyang Suriname. Kulá tansah matur bilih tiyang Jawi ampun éwuh pakéwuh kedah tampil lan boten ajeg ten ayang-ayangipun tiyang sanès,” makaten Kromopawiro.
Melvin Toemin pangarsá Stichting Rukun Budi Utama/RBU (Yayasan Rukun Budi Utámá, red) saking Spoorwijk, satunggaling organisasi ingkang sampun wonten 41 taun dangunipun, ugi kesengsem kaliyan proyèk puniká.
“Saé sanget bilih Hariëtte mundhut prakarsá puniká. Piyambakipun kagungan riwayat ingkang dangu ten mriki ing Den Haag perkawis jatidiri kabudhayan Jawi Suriname. Puniká dipunlampahi piyambakipun kanthi panelitèn, nyerat buku, lan ngawontenaken paméran. Pakaryan ingkang wigatos sanget. Kejawi makaten sebagéan saking arsip digital wau saking arsip RBU,” makaten Toemin.
Hariëtte nambahaken sakedhik babagan rupi-rupi wandé dhahar Jawi Suriname ing kuthá Den Haag.
“Minongká bagéan saking arsip digital puniká ugi buku ‘Saoto, Berkat en Dawet’ (LM Publishers, 2008). Ing buku puniká dipunserat cariyos babagan 20 wandé dhahar wau. Biasanipun wandé-wandé wau saget dipuntitèni saking naminipun. Menawi wonten èmbèl-èmbèl ‘Warung’ puniká mesthi kagunganipun tiyang Jawi Suriname. Tuládhánipun Warung Mini ten Veerkade, Amsterdamse lan Warung Kromo ten Elandstraat. Asringipun ugi wonten genderá Suriname, sebab tiyang-tiyang wau bangga asal-usulipun,” makaten Hariëtte.