Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Kuthá Kuná Jaman Fir’aun Kepanggih ing Mesir
    Internasional

    Kuthá Kuná Jaman Fir’aun Kepanggih ing Mesir

    By Eddi Santosa10.03.20211 Min Read

    Párá arkeolog ing Mesir manggihi kuthá komplit kalih tigá kraton saking jaman Fir’aun.

    Kuthá puniká, kadosipun paling ageng saking jaman kuná Mesir, pinten-pinten abad boten ketingal amargi ketutup wedhi ing wilayah Luxor, boten tebih saking Wādī Abwāb al-Mulūk ( وادي ابواب الملوك‎ ) utawi Lembah Gerbang Rájá. Kathah gedhong sáhá barang-barangipun taksih wutuh.

    Kuthá ing dhaerah Mesir Tengah puniká dipunbangun 3400 taun kapengker naliká jamanipun Fir’aun Amenhotep III ingkang digdáyá. Párá arkeolog boten njarag madosi kuthá kuná, wiwitanipun ing September taun wingi ndhudhuk madosi kuil, nanging énggal cethá kepanggih bangunan bátá saking sedáyá arah jangkep kaliyan témbok lan kamar kebak keajiban, makaten arkeolog Mesir, Zahi Hawass.

    Kejawi barang-barang sadinten-dinten kados kendhil, oven, ugi kepanggih patung-patung sáhá artefak sanèsipun.

    Ahli Mesir Kuná saking Amerika Dr. Peter Lacovara ngendiká bilih papanggihan kados ‘Pompeï’ (kuthá kuná ing Italia, red) puniká wigatos sanget.

    “Papanggihan kuthá ingkang ical puniká papanggihan arkeologi paling wigatos sanget sasampunipun papanggihan pasaréan Toetanchamon,” makaten Guru Besar Ilmu Mesir Betsy Brian saking Universitas Johns Hopkins, Amerika.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePutri Irène: Monggo nDèrèk Nanem Tetuwuhan
    Next Article Balapan Manuk Dárá Pekalongan-Weltevreden
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.