Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Kutháprájá Almere Badhé Batalaken Floriade 2022
    Den Haag

    Kutháprájá Almere Badhé Batalaken Floriade 2022

    By Eddi Santosa19.06.20203 Mins Read
    Direksi Floriade 2022
    Direksi Floriade 2022 (credit: 2022 Almere)

    DEN HAAG – Floriade 2022 ingkang badhé dipunlaksanaaken wonten ing wilayah kutháprájá Almere badhé dipunowahi, tundhá, utawi dipunbatalaken.

    Puniká wau kasebat ten layang pamréntah kutháprájá ingkang dipunkintun dumateng gemeenteraad (DPRD Kutháprájá).

    Saben-saben opsi saking tigang opsi ingkang dipunaturaken wau nggadhahi konsekuènsi finansial lan yuridis. Contonipun menawi milih Floriade skala langkung alit pramilá badhé narik sekedhik pengunjung, tegesipun sekedhik kasil saking sadéan karcis.

    Dipuntundhá ugi nggadhahi konsekuènsi-konsekuènsi yuridis, antawisipun kalih pihak developer Amvest lan Dura Vermeer sampun dipuntèken kontrak bilih menawi Floriade rampung miturut tanggal kontrak, Amvest lan Dura Vermeer saget sadéan griyá ing panggénan kanggé Floriade wau.

    Dipunlajengaken kanthi rencáná sapuniká miturut pamréntah kutháprájá Almere ugi boten saget.

    “Kanthi panyebaran wabah virus Corona ingkang cepet lan sakdonyá, sinten kemawon mlebet wekdal ingkang gonjang-ganjing lan mboten temtu,” makaten pamréntah kutháprájá Almere.

    Persiapan kanggé Floriade pancèn sampun ngalami masalah wiwit taun 2012 naliká pamréntah kutháprájá Almere menang lélang kanggé nglaksanaaken paméran.

    Antawisipun biayanipun mindhak kathah sanget. Wiwitanipun pamréntah kutháprájá Almere namung kedah mbayar Euro 10 yutá saking biaya total Eur 93 yutá ingkang dipunprakiraaken. Sisanipun saking pamréntah provinsi Flevoland, pamréntah pusat, sponsor, lan saking 2,1 karcis pengunjung.

    Sakpuniká pamréntah kedah nanggung biaya Euro 39,5 yutá lan kadosipun taksih kedah nambah 3 dugi 6 yutá, makaten kasunyatan per akhir Februari 2020.

    Artá puniká miturut Jan Hoek (GroenLinks), pejabat wekdal semanten ingkang ngastá Floriade, antawisipun dipunbetahaken saénggá Floriade BV, ingkang ngorganisir pamèran puniká lan kutháprájá Almere minongká panyepeng saham tunggal, saget narik sponsor.

    Nanging dugi dinten sapuniká dereng wonten satunggal-satunggalá kontrak ingkang sampun dipuntapakastá lan minat negari-negari kanggé ndhèrèk Floriade 2022 ugi sekedhik sanget. Namung wonten 8 negari ingkang sampun ndaftar bilih badhé ndhèrèk paméran Floriade 2022.

    Déwan sampun nugasaken Harry van Dorenmalen, mantan direktur IBM Nederland lan IBM Benelux, kanggé neliti opsi pundi ingkang paling saé. Dinten Kamis samangké Déwan kutháprájá badhé rapat malih mbahas perkawis Floriade.

    Direktur ad-interim Floriade BV, Pieter Cloo, ngendiká bilih saé menawi sampun dipun damel skenario makaten.

    “Pitakènanipun: punápá kitá ing taun 2022 taksih saget ngawontenaken Floriade ingkang temen? Kitá yakin ‘nggih’ saget. Menawi wabah virus Corona sampun susut, taksih wonten cekap wekdal kanggé nyiapaken Floriade. Dipunsetop utawi tundhá badhé buang biaya langkung kathah,” makaten Pieter Cloo.

    Miturut Cloo, taksih dèrèng wonten calon pendhèrèk Floriade ingkang mbatalaken kontrak. Jumlah pengunjung, ingkang kathahipun saking dalem negari Walandi, dipunarepaken langkung kathah.

    Floriade ingkang kepungkur kasunyatanipun kirang sukses. Tigá edisi Floriade ing Venlo (2012), Haarlemmermeer (2002) lan Zoetermeer (1992) sedáyá wau rugi pinten-pinten yutá Euro, antawisipun amargi mboten cekap pengunjung.

     

    balékuthá Almere (almere.nl)
    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePutri Victoria & Pangèran Daniel 1 Dásáwarsá Ningkah
    Next Article Sorogan 2: Mbedhag Cèlèng
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.