Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Limpung Griyá Pambelèhan
    Jaman Mbah Buyut

    Limpung Griyá Pambelèhan

    By Eddi Santosa28.05.20212 Mins Read
    Limpung - Het Javaanse Blad
    Griyá pambelèhan © KITLV

    LIMPUNG – Kanggé nindakaken rencáná mbangun slachthuis (griyá pambelèhan, sapuniká Rumah Pemotongan Hewan, red) ing Limpung dipunbetahaken anggaran 500 gulden.

    Wonten ing rembugan kabupatèn (Batang sampun mlebet Kabupatèn Pekalongan, red) samangké badhé dipunusulaken kanggé nindakaken rencáná wau, makaten De Locomotief, serat kabar babaran Uitgever De Groot, Kolff & Co, Semarang, dinten Setu (9/4/1938).

    Miturut anggaran dipunprakiraaken biaya griyá pambelèhan wau saben sasi 25 gulden, lajeng panampinipun saking retribusi saben sasi 75 gulden, saénggá griyá pambelèhan Limpung saget dipunanggep rèndabel utawi bathi.

    Totalipun wonten 27 dhusun sakeliling griyá pambelèhan ingkang kedah ndhèrèk ngginaaken griyá pambelèhan. Ing dhusun-dhusun puniká, kinten-kinten radius 5 km saking griyá pambelèhan, bakal pikantuk larangan mbelèh kéwan kejawi ing griyá pambelèhan wau.

    Sawetawis kabar Batang sanèsipun inggih puniká ordonansi kabupatèn (perda, red) netepaken bilih makaryá, panyerahan, lan pangangkutan kanggé kabupatèn kedah nawi tènder, aturan ingkang pinten-pinten taun boten naté dipuntrapaken.

    Asringipun malah dipunéndhani naliká kabukti bilih pakaryan utawi proyèk ingkang dipuncepeng piyambak langkung mirah tur cepet. Tuládhá: pambangunan poliklinik ing Limpung, ndandani kretek ing mari antawis Banjar-Mijen lan renovasi los pasar ing pinten-pinten panggènan.

    Sarèhning makaten, ing rapat kabupatèn samangké badhé dipunusulaken bilih (1) pakaryan ingkang mboten nganggé tènder, dipunparingaken namung demi kawigatosan kabupatèn, (2) gumantung jinis lan agengipun pakaryan, aannemer ingkang nggarap kedah netepi syarat: (a) nggadhahi alat lan artá ingkang nyekapi, (b) mitayani, (c) saguh netepi kewajibanipun. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePM Rutte Ngrawuhi KTT Virtual P4G Babagan Iklim
    Next Article 2 Kusir Délman Pesalakan Tukar Padu
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.