Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Limpung Pamèran Rájákáyá 1934
    Jaman Mbah Buyut

    Limpung Pamèran Rájákáyá 1934

    By Eddi Santosa27.05.20213 Mins Read
    Limpung Batang - Het Javaanse Blad
    Pamèran Rájákáyá © KITLV

    LIMPUNG – Kálá dinten Setu, 13 Oktober 1934 kapengker dipunawontenaken pamèran rájákáyá ing Limpung, ingkang pikantuk wigatosan saking pamongprájá Walandi sáhá pribumi, makaten kapethik saking De Locomotief, Kemis (18/10/1934).

    Batang dados pusering panyilangan lembu punuk (Bos primigenius indicus) kalih lembu Jawi

    dr. Doeve

    Antawisipun rawuh résidèn Pekalongan, asistèn résidèn ngrangkep walikuthá Pekalongan, panilik sáhá wakil panilik Pekalongan, asistèn résidèn Tegal, wakil panilik Brebes, Bupati Pekalongan, Tegal, Brebes lan Batang, lajeng sedáyá wedáná saking Kabupatèn Batang sáhá wilayah sanèsipun, pamriksá artá saking Semarang, panilik Dinas Kedokteran Kéwan, dokter kéwan saking Tegal, sáhá dokter kéwan saking Pekalongan.

    Pedhèt silangan (Kredit: Unsplash)

    Kanggé pamèran puniká dalemipun asistèn wedáná (sadèrèngipun pasanggrahan) minongká panggènan pamèran dipunpajang semarak. Korps musik saking Pekalongan dipunrawuhaken kanggé ngénggar-énggaraken párá rawuh. Ugi wonten gamelan sáhá panantunipun minongká panglaras párá tiyang pribumi ingkang nonton rawuh saking pundi-pundi panggènan.

    lembu puniká langkung ageng tur lemu, langkung kiat makaryá, langkung kathah ngasilaken

    dr. Doeve

    Naliká jam 10.00 énjing résidèn Pekalongan dugi rawuh, Bupati Batang ngaturaken sugeng rawuh, lajeng ngaturaken pidato ingkang antawisipun nerangaken tujuanipun pamèran, antawisipun kanggé ndorong párá kawulá ingkang kagungan rájákáyá, kalebet majengaken paédah-paédah ingkang sayektás.

    Ilustrasi pamèran lembu Bojonegoro 1907 (Kredit: KITLV)

    Salajengipun Pangarsá Panilik Dines Kedokteran Kéwan Provinsi Jawi Tengah  dr. Doeve ingkang sampun ngrawuhi wiwit pamèran ingkang kaping sepindhah taun 1914 ngaturaken punápá ingkang sampun dipun ranjuk mawi pamèran puniká.

    Miturut dr. Doeve, Kabupatèn Batang puniká minongká dhaérah ingkang sampun pinten-pinten puluh taun dados pusering panyilangan lembu punuk (Bos primigenius indicus) kalih lembu Jawi supados saget pikantuk lembu ingkang langkung ageng tur lemu, langkung kiat kanggé prestasi makaryá, lajeng langkung kathah ngasilaken naliká dipunsembelih utawi dipunsadé. Sapuniká Batang dipunandelaken minongká dhaérah paling majeng ing perkawis sedáyá èkspèrimèn puniká.

    “Lembu-lembu kados sapuniká dipunpranakaken saget dipunwastani minongká monumèn gesang saking karyanipun Bupati Batang,” makaten dr. Doeve.

    Éwodènten Résidèn Pekalongan ngèngetaken bilih piyambakipun ugi ngrawuhi pamèran taun kapengker lan mirsani bilih karsá kanggé majengaken séktor rájákáyá sampun mlampah malih majeng sajangkah. Piyambakipun wanti-wanti bilih senaosá puniká wekdal ingkang angèl taksih saget nyisihaken artá kanggé majengaken séktor rájákáyá puniká.

    Sasampunipun Bupati Batang ngaturaken dongá séhat kuwarasan, Résidèn Pekalongan kanthi resmi mbika pamèran rájákáyá kaping 14, lajeng kanthi ngangkat gelas champagne lan hura kaping 3 dipunaturaken dongá kaséhatan kanggé Résidèn.

    Salajengipun lembu-lembu ingkang sadèrèngipun sampun dipun pilih déning déwan juri, ingkang anggotanipun dokter-dokter kéwan tingkat provinsi saking Semarang, Tegal lan dokter kéwan bongsa pribumi saking Pekalongan, dipungiring miturut grup ing urutan makaten:

    1. Ras asli jaleran Bengal minongká juara 1 pikantuk hadiah 20 gulden dumateng lembu jaler dhusun Dlimas, Kecamatan Subah, juara 2 hadiah 17,5 gulden lembu jaler idem dito, juara 3 hadiah 15 gulden dhusun Sokomangli, Bawang; juara 4 hadiah 12,5 gulden dhusun Sangubanyu, Bawang. 

    2. Pedhèt-pedhèt kasilipun silangan mriki.

    3. Lembu-lembu jaleran ras asli Ongolo.

    4. Lembu-lembu babon ras asli Ongolo.

    5. Lembu-lembu turunan dominan ras Bengal.

    6. Lembu-lembu babon ras dominan Bengal.

    Kanthi cekak aos dokter kéwan R. M. Soedono, saking Pekalongan, nerangaken lembu-lembu pundi ingkang makili saben kelompokipun,  caranipun tumbas, pundi ingkas ras asli, sáhá panggènanipun.

    Lembu narik gerobak, medal kalebet grup 5 lan 6, asalipun saking ras asli banthèng Bengal kalih ras asli lembu Jawi ingkang sampun kawin silang turun-temurun 20 taun dangunipun. 

    Kanthi khusus dipunèngetaken sayektos bilih Bupati Batang sareng sedáyá punggáwá B.B (binnenlandsbestuur, kemendagri, red) tansah kagungan paningal kanggé majengaken rájákáyá ing wilayahipun sáhá sedyá makaryá sareng kalihan párá dokter kéwan saking dines pakéwanan.

    Sasampunipun sedáyá lembu lan banthèng sáhá pedhèt dipunbarisaken keliling, lajeng hadiah kanggé juara 1 dipunparingaken, éwodèntèn dumateng juru rumat 33 banthèng sanèsipun pikantuk bayaran prémi 7,5 gulden per banthèng. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleSinten Dhahar Séhat, Langkung Enèm Kognisinipun
    Next Article PM Rutte Ngrawuhi KTT Virtual P4G Babagan Iklim
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.