Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 
    Den Haag

    Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

    By Eddi Santosa26.01.20221 Min Read
    © deondernemer.nl/Rene Manders

    DEN HAAG – Kanthi mungkasi lockdown, kabinèt ngarsaaken maringi kamardikan dateng masyarakat sakathah-kathahipun, nanging tetep saget nanggulangi pandemi mawi kartu Corona arupi QR code.

    “Wekdal sapuniká kitá dèrèng badhé mbuang CR code,” makaten dhawuh Menteri Keséhatan Ernst Kuipers naliká maringi konferènsi pèrs dinten Selásá (25/1/2022) dalu.

    Miturut Kuipers, kanggé mlebet rèstoran, café, lan acara kabudayan taksih dipunperluaken kartu kontrol arupi 1G, 2G utawi 3G.

    Pranatan 3G (gevaccineerd, genezen, getest = sampun vaksin, sampun saras, sampun tès, red) párá wargi mawi QR code kedah nedhahaken bilih piyambakipun sampun pikantuk vaksin jangkep, sampun saras saking Covid-19, utawi nembé tès negatif PCR, ingkang dipunwiyaraken dugi panggènan makaryá andadosaken debat panas ing masyarakat lan parlemèn.

    Pangetrapan 2G (gevaccineerd, genezen = sampun vaksin, sampun saras, red) pikantuk panolakan. Ing Tweede Kamer (parlemèn) sebagéan partai politik ngarsaaken pranatan 1G mawon, nggih puniká sinten kémawon kedah tès menawi badhé mlebet, senaosá sampun pikantuk vaksin jangkep.

    Perkawis debat babagan 1 G, 2G utawi 3G, Menteri Kuipers ngendiká bilih piyambakipun boten badhé nggégé mongsá. Miturut piyambakipun sampun wonten rancangan UU kanggé ngatur perkawis puniká ingkang badhé dipunbahas ing parlemèn.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleWalandi Resmi Pungkasi Lockdown 
    Next Article Ngarsá Dalem Nampi Kredensial Dutá Ageng Israël 
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.