ROTTERDAM – Marianne Vorthoren lair taun 1978. Piyambakipun kuliah Ilmu Pamréntahan dateng Erasmus Universiteit, Rotterdam. Sasampunipun makaryá ing VNG, piyambakipun wiwit 2001 dados direktur SPIOR, satunggaling yayasan ingkang mayungi 71 masjid sáhá organisasi Islam ing wilayah Rotterdam Rijnmond. Piyambakipun sampun ningkah.
Naliká kulá mlampahi kretek Galata lajeng mireng adzan, kulá ngraosaken adzan wau nggugah kulá — Marianne Vorthoren
Marianne lair ing Eudokiaplein, Rotterdam. Piyambakipun nglampahi baptis miturut agami Protèstan. Bápá biyungipun pisahan naliká Marianne yuswá 1,5 taun. Piyambakipun boten kélingan tiyang sepuhipun naté sareng.
Ingkang piyambakipun pikantuk saking tiyang sepuhipun nggih puniká ndongá sadèrèngipun lan sasampunipun dhahar, maos kitab Injil, njagi paningalan boten nyawang tiyang sanès, lajeng Calvinisme (ndhèrèkaken ajaranipun Johannes Calvin, red) ingkang dipuncepengi sedáyá priyantun Walandi, ugi ngginaaken bakat. Sedáyá puniká Marianne syukur matur nuwun sanget dumateng tiyang sepuhipun.
Kirang langkung yuswá 17 taun, pitakènan ageng babagan gesang mélai mlebet ing penggalihipun Marianne.
“Kulá boten mlampah mondar-mandir, nanging menggalih: jané punápá ingkang kulá piyambak imani? Ing wekdal semanten kulá kathah neliti, mirsani kiwá tengen. Kulá maos Injil, ngrawuhi kuliah filosofi, nanging ugi guneman perkawis agami kalih instruktur nyetir ingkang Hindhu,”
Ugi agami Islam dipungatosaken Marianne, ing pundi piyambakipun mirsani babagan-babagan ingkang sami kalih ajaran agami tiyang sepuhipun. Sawetawis puniká piyambakipun sampun kuliah Ilmu Pamréntahan. Sareng-sareng kalih paguyuban mahasiswa, piyambakipun ngawontenaken kekésahan dateng Istanbul, Turki, ing taun 1997 kanthi tema: Pengaruh Islam Tumrap Masyarakat.
“Kulá wekdal semanten nembé kaping sepindhah mlebet ing tengah-tengahing masyarakat Muslim, ing mriku sedinten kaping gangsal wonten adzan. Naliká kulá mlampahi kretek Galata lan mireng adzan, kulá ngraosaken adzan wau nggugah kulá.
Ditambah malih Marianne kepanggih priyantun ing Istanbul, satunggaling priyantun Turki-Walandi, salah satunggaling kenalan saking réncang mahasiswa. Priyantun wau ugi taksih kuliah, nanging bènten jurusan.
“Piyambakipun sanès jalaran kulá dados mlebet Islam. Nanging piyambakipun pancèn sabab tambahan kulá nyinauni Islam,” Naliká Marianne ningkah kalih priyantun wau, piyambakipun dèrèng Muslimah, dèrèng mlebet Islam.
“Menawi piyambakipun nuntut makaten (mlebet Islam), kadosipun kulá boten siyos ningkah kalih piyambakipun,”
Sadèrèngipun ningkahan, Marianne kalih priyantun wau mlampah-mlampah ngubengi Kralingse Plas, satunggaling telágá ing Rotterdam. Sedayanipun dipun rembug, punápá piyambakipun kènging makaryá, pripun mangké tugas kaluargi dipunbagi, sapuniká lan samangké.
“Punápá mawon ingkang panjenengan kersáaken saking kulá, pripun mungguhipun panjenengan kulá gadhah réncang-réncang jaler lan tetep dados réncang. Punápá panjenengan ngersaaken kulá ngagem jilbab? Wekdal semanten kulá piyambak dèrèng purun! Mungguhipun kulá piyambak rembugan kados makaten kedah dipunlampahi sadèrèngipun ningkah,” Setengah taun sasampunipun ningkah kalih priyantun wau, Marianne netepaken mlebet Islam lan maos syahadat.
Sasampunipun dados muslimah, guneman-guneman tiyang-tiyang kaliyan tiyang sepuhipun boten gampil dipunlampahi.
“Kulá nyadhari bilih tiyang-tiyang badhé nanggapi bènten menawi kulá matur: kulá sampun mlebet agami Budha kalawan kulá sampun mlebet Islam,”
Pitakènan wau amargi wonten raos kuatos, makaten Marianne sapuniká saget mangertosi. “Ápá iki pancèn pilihanmu dhéwé? Sliramu katresnan, ápá bisá mikir kanthi bener?”
Naliká semanten nyerikaken manah sanget, ngendiká Marianne. Sarèhning tiyang-tiyang wau cethá boten saget nampi pilihan agaminipun. Makaten tiyang sepuh Marianne ngalami ing wiwitanipun. Ibu kulá takèn, “Lepat kulá punápá? Temtu kémawon boten lepat punápá-punápá, kulá namung milih margi ingkang bènten ing gesang puniká,”
Kalih taun sasampunipun Marianne netepaken ngagem jilbab, ugi wonten guneman malih. “Dugi wekdal semanten, kulá mlebet Islam puniká pilihan pribadi, sasampunipun ngagem jilbab sapuniká dados ketingal,”
Tiyang sepuhipun dipundangu dèning párá tanggi tepalih sáhá párá réncangipun. “Jilbab dipuntingali minongká simbol nindhes ngrangkèng wanitá,”
Miturut Marianne, kanggé piyambakipun sedáyá wau minongká kasilipun saking satunggaling prosès.
“Dipunwiwiti nganggé ageman ingkang nutupi. Salirá kulá sangsáyá ngraosaken minongká privasi kulá. Pungkasanipun kulá rumaos boten sekécá menawi boten ngagem jilbab. Kanggé kulá piyambak puniká kados bagéan #MeToo ugi. Wanitá netepaken piyambak bagéan punápá ingkang kersá dipuntingalaken, lan dumateng sinten,”
Senaosá sampun dados tradisi ing antawisipun umat Muslim supados mendhet asmá énggal sasampunipun syahadat, nanging Marianne boten nindakaken makaten.
“Wonten ing masyarakat Muslim, tiyang sepuh wajib maringi asmá ingkang saé kanggé laré-larénipun. Mungguhipun kulá tiyang sepuh kulá sampun nindakaken makaten. Kulá dipunparingi asmá kados mbah buyut kulá. Lan asmá ‘Marianne’ puniká gadhah teges saé ingkang kathah, antawisipun: ‘welas asih’,”