Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    Jaman Mbah Buyut

    ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo

    By Eddi Santosa10.07.20222 Mins Read
    Klik Marikangen rokok Solo Surakarta!
    Marikangen udud © KITLV

    SOLO – ‘Marikangen’ rokok utami andelan priyantun Solo jaman Walandi. Nganggé cengkèh impor saking Zanzibar, reginipun sawungkus 1 sèn isi 4 rokok. 

    Pabrik rokok ‘Marikangen’ kalenggahan ing pinggir margi Daendels arah Semarang-Kartásurá. Pabrikipun saget katitèn mawi seratan ‘Marikangen’ ing bagéan ngajeng.

    Tiyang Jawi lan Tionghoa ing Jawi-Tengah, Jogja, Surákartá, Jawi-Kilèn sampun raket kalihan ‘Marikangen’, amargi sadinten rátá-rátá ngudud 20 rokok puniká.

    Wonten pilihan saus tunggal utawi dobel, nganggé cengkèh ingkang misuwur saking Zanzibar, lajeng pegonipun mawi raos éco dipunsedhot dugi paru-paru.

    Rokok Énggal

    Dirèktur ugi ingkang kagungan pabrik rokok paling ageng ing Surákartá puniká Ong-Siang Tjoen. Piyambakipun naté dados astá-tengenipun Oei Tiong Ham, milyunèr Semarang.

    Buruh Marikangen sapuniká cacahipun wonten 4.000 priyá lan 700 wanitá ingkang makaryá damel rokok mawi astanipun, sabagéan sanèsipun mawi mesin sederhana.

    Wolung tahun kapungkur pabrik rokok Marikangen puniká dèrèng wonten. Ingkang kagungan pabrik wekdal samanten langkung ngarsaaken dados agèn mobil.

    Nanging naliká krisis 1930 pabrik rokok merk ‘Prijajie’ bangkrut, pabrik ‘rokok pethak’ puniká dipunpundhut, lajeng damel rokok krètèk mawi raos lokal kados Sampoerna ing Surábáyá.

    Wekdal samanten rokok ingkang kondhang inggih puniká ‘rokok pethak’ model Kilèn lan klobot, nanging rokok krètèk saèstu-èstu inovasi énggal.

    Sampoerna ingkang miwiti damel rokok krètèk mawi regi 5 sèn isi 10 iji, lajeng Marikangen tahun 1932 nyusul damel mawi regi 1 sèn isi 4 iji.

    Naliká ndamel Marikangen, nembé mawon medal Tabaksaccijns-Ordonnantie (Pranatan Cukai Satá), 15 Désèmber 1932, makaten Het Nieuws van den Dag voor Nederlandsch-Indië (11/7/1938).

    Sarèhning ordonansi puniká, cerutu lan rokok kénging cukai, ndadosaken reginipun langkung awis, pabrik-pabrik ngadhepi stok produksi kemasan lawas, kangèlan nyadé.

    Marikangen mboten ngadhepi kahanan kados makaten, lajeng ndamel kemasan énggal, raos lan regi ingkang mathuk kaliyan kahanan. Strategi puniká dados kunci suksès.

    Marikangen nganggé politik-regi 1 sèn isi 4 iji utawi 8 iji miturut kualitasipun, lajeng 3 sèn isi 15 iji utawi 25 iji ugi miturut kualitasipun. 

    Rokok ‘Marikangen’ puniká kondang sanget ing Surákartá, Ngayogyákartá, Kedu, Semarang, lan Madiun, utaminipun ingkang jinis rokok utawi sigarèt krètèk. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleNATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Next Article PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.