Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Matematika: Sakedhik Siswá SD Walandi Saget Pikantuk Biji Saé
    Den Haag

    Matematika: Sakedhik Siswá SD Walandi Saget Pikantuk Biji Saé

    By Eddi Santosa10.04.20212 Mins Read

    DEN HAAG – Sakedhik sanget siswá SD ing Walandi saget pikantuk biji Matematika ingkang saé miturut standar.

    Sababipun amargi piwulangan Matematika wau kirang mathuk kalih potensi párá siswá, makaten pangawas wiyátá kados kaserat ing lapuran Peil.Rekenen-Wiskunde, dinten Jemuah (9/4/2021).

    Ing pungkasan wekdal sekolah dhasar, 65% siswá kedah saget Matematika tingkat 1S, makaten ambisi Komsi Meijerink naliká netepaken beleid makaten ing taun 2009. Kasunyatanipun dugi taun 2019 ongkanipun boten ngantos 33%.

    credit: jufmaike

    Bilih kathah siswá boten saget ngancik tingkat 1S, puniká miturut pangawas amargi kathah sekolah ingkang dèrèng pirsá standar wau. Sekolah-sekolah klèntu nginten piyambakipun kalih párá siswá kedah ngudi dugi tingkat 1F, sawetawis 1F puniká standar minimal, sanès standar ingkang kedah dipun cepeng miturut Komisi Meijerink.

    Kejawi makaten ing dalem kelas kathah wekdal telas kanggé párá siswá ingkang kangèlan tumrap piwulangan Matematika. Padhahal wekdal wau saget kanggé párá siswa ingkang langkung saguh ngadhepi piwulang Matematika.

    “Malah menawi párá siswá wau saget paham, lajeng pitakènan salajengipun punápá párá siswá wau pancèn bakal nganggé kawruh Matematika wau,” ngendikan pangawas wiyátá.

    Pangawas wiyátá paring pitedhah kanggé sekolah-sekolah supados langkung sadhar antawis standar minimal 1F lan standar 1S ingkang kedah dipuncepeng. Kejawi makaten párá guru piyambak ugi kedah kathah pikantuk pawiyatan supados saget mulang langkung ndayani.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePangéran Philip Sédá
    Next Article Tjeenk Willink: Rutte Saget Nglajengaken Dados Perdana Menteri
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.