Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Menawi Tindak Wingking, Poep Ingkang Séhat Kados Pundi?
    Internasional

    Menawi Tindak Wingking, Poep Ingkang Séhat Kados Pundi?

    By Eddi Santosa13.10.20212 Mins Read
    Foto: ‘Dokter poep’ Nienke Gottenbos/gezondnu.nl

    DEN HAAG – Poep sapuniká pikantuk wigatosan kathah, sangsáyá kathah kawruh, kitá sangsáyá sadhar njagi usus lan flora usus supados tetep séhat.

    Industri ugi sampun maringi wigatosan kanthi ndamel app ingkang saget kanggé ngemat-ngemati poep ambetipun, warni, lan bentukipun kados pundi, lajeng tegesipun pripun. Ugi sampun wonten pangembangan toilet pinter ingkang saget maos poep pratándhá penyakit punápá, malah saget maos pratándhá kanker usus, makaten kapethik saking Algemeen Dagblad (13/10).

    Usus puniká tugas ndhasaripun mundhut zat-zat gizi lajeng mbuang ampas utawi kotoranipun. Menawi tugas wau mboten saé pramilá zat-zat gizi wau kebuang langsung ing toilet. Panjenengan ugi ngraos boten sekécá. Menawi buang kotoran boten saé utawi boten lancar panjenengan ugi bakal pikantuk rupi-rupi gangguan.

    Rupi-rupinipun poep kados dipunbabaraken ‘dokter poep’ Nienke Gottenbos saking bukunipun De Poepdokter: Gezond van Mond tot Kont (Dokter Poep: Séhat Saking Tutuk Dugi Wingking, red) makaten:

    Tipe 1 & 2

    Pratándhá obstipasi utawi bebelen, biasanipun telat pinten-pinten dinten, angèl anggènipun medalaken. Kathahipun jalaran kirang ngunjuk, kirang serat, kirang vèt (lemak).

    Tipe 3 & 4

    Saé, normal. Kanggé ngresiki boten mbetahaken tisu toilèt utawi toyá kathah, boten ngambang nanging langsung ambles katut toyá sentor, boten lèngkèt, boten ambet kados bahan kimia, boten raos sakit, boten mules, boten semeg/kembung, boten kathah angin, puniká pratándhá séhat.

    Tipe 5 dugi 7

    Bènyèk, èncèr, dugi diaré. Panjenengan kécalan kathah cairan lan zat-zat gizi, sarehning poep utawi luluhing dhaharan wau boten cekap wekdal manggèn ing usus, lajeng usus boten saget mundhut zat-zat gizi. Kathahipun kahanan puniká kasebab parasit utawi bakteri patogén ing dhaharan, intoleransi tumrap bahan dhaharan, reaksi obat, utawi strès (ngadhepi ujian, pakaryan, masalah).

    Puniká pitedhah saking ‘dokter poep’ Nienke Gottenbos kersanipun usus lan flora usus saget saé séhat:

    Ampun kirang ngunjuk

    Ngunjuk toyá ingkang cekap. Langkung saé toyá pethak utawi tèh anyep. Ampun kathah-kathah ngunjuk kopi. Kekathahen ngunjuk kopi malah saget ndadosaken poep èncèr.

    Dhahar cekap serat

    Dhahar ingkang kathah ngandhut serat kados sayur-sayuran (kangkung, bayem, sawi, brokoli, kobis), woh-wohan (jambu, jeruk, blimbing, pelem, nanas, pisang), kacang-kacangan (kacang tanah, kacang ijem, kacang tálá), umbi-umbian (pohung, telá, gembili, tales, bengkoang).

    Ngirangi strès

    Ngéndhani strès 100% mesthi boten saget, tiyang gesang kadhanv kálá temtu ngalami strès, nanging kedah ngirangi supados boten dados kronis. Strès kronis nguras ènèrgi dateng utek lan otot, boten dugi sistem pangluluhing dhaharan.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article(Facebook) Ngancem Mentri, Gelá Temu Buri
    Next Article Langkung Sepalih Wargi Eropa Sampun Pikantuk Vaksin Jangkep
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.