Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Menteri: Sekolah Langkung Dangu Kanggé Nyusul Katilaran
    Den Haag

    Menteri: Sekolah Langkung Dangu Kanggé Nyusul Katilaran

    By Eddi Santosa10.05.20212 Mins Read
    Mentri Arie Slob - Het Javaanse Blad
    Menteri Arie Slob( Rijksoverheid, rechtenvrij)

    DEN HAAG – Sekolah SD/Tengahan kénging paring piwulang utawi jam sekolah langkung dangu kanggé nyusul katilaran amargi Corona.

    Jam sekolah langkung dangu, piwulang tambahan kanggé siswá ingkang mbetahaken, sáhá mulang ‘satunggal guru satunggal siswá’ puniká antawisipun metodhe ingkang saget dipunpilih déning sekolah SD/Tengahan kanggé nyusul katilaran.

    pamréntah maringi € 8,5 milyar (Rp 144,5 trilyun) kanggé nyusul katilaran piwulangan amargi Corona

    Makaten pilihan-pilihan ingkang cumawis kados dipunaturaken déning Menteri Wiyátá Arie Slob dinten Senèn (10/5/2021).

    Menteri Arie Slob (Rijksoverheid, rechtenvrij)

    Sadèrèngipun kabinèt sampun netepaken ing wiwitan taun 2021 puniká bilih pamréntah badhé maringi € 8,5 milyar (Rp 144,5 trilyun) kanggé nyusul katilaran piwulang párá siswá amargi krisis Corona. 

    Saking artá wau kathahipun € 6 milyar (Rp 102 trilyun) kanggé sekolah SD lan Tengahan. Mawi menu ingkang dipunsungsun déning párá guru, organisasi wiyátá, sáhá párá ilmuwan, investasi kanggé piwulangan saget kongkrit dipungarap.

    Sapuniká gumantung kalih sekolah kanggé netepaken karsá tumindak taun ngajeng, ingkang mawi karsá puniká sekolah-sekolah saget milih pranatan saking daftar wau. Saben-saben pilihan wonten seratan pinten biayanipun saben siswá lan punápá mathuk kalih pangajenganipun. Sekolah bakal pikantuk paling kirang € 700 per siswá. 

    Sekolah-sekolah ingkang katilaran nemen saget pikantuk anggaran langkung kathah. Kartu menu kasebat wau sampun cumawis online lan minggu-minggu mbénjing taksih badhé terus dipunrampungaken. Ugi bakal dipunparingi pawigatosan tambahan tumrap kahanan méntal párá siswá. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleAndum 20.000 Dhahar Buká ing Belgia
    Next Article Ratu Paring Restu Langkung Kathah Piwulang Musik
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.