Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Mentri Grapperhaus: 800 Panggénan Kanggé Wargi Afghan
    Den Haag

    Mentri Grapperhaus: 800 Panggénan Kanggé Wargi Afghan

    By Eddi Santosa19.10.20212 Mins Read
    Ferdinand Grapperhaus, minister van het ministerie van Justitie en veiligheid

    DEN HAAG – Mentri Yustisi demisionèr Ferd Grapperhaus dhawuh dumateng párá walikuthá supados ènggal ndamel 800 panggènan kanggé pangungsi Afghanistan.

    Lajeng ing minggu-minggu samangké kedah dipuntambah 1.500 malih, sarèhning kabutuhanipun kathah sanget, makaten Kamentrian Yustisi ngumumaken kados kapethik saking Algemeen Dagblad dinten Selásá (19/10).

    Mentri Grapperhaus paring dhawuh ing Veiligheidsberaad (Rembugan Kaslametan) minongká wadhah rembugan párá walikuthá saking sedáyá wilayah.

    Masalahipun miturut kamentrian, kathah panggènan kanggé nampi tiyang-tiyang saking Afghanistan namung kanggé jángká wekdal sakedhap mawon. Dipunbetahaken panggènan ing mriku tiyang-tiyang wau saget manggèn langkung dangu, utaminipun kanggé pangungsi laré alit ingkang mlajar dugi tanah Walandi tanpá kaluargi.

    Sapuniká ingkang mèpèt dipunbetahaken wonten 800 panggénan tambahan, lajeng 1.500 malih ingkang kedah saget dipunanggèni salebeting étangan wekdal pinten-pinten minggu. Ingkang kasebat pungkasan puniká ugi kedah kanggé jángká wekdal dangu,” makaten kamentrian Yustisi.

    Sapuniká totalipun taksih dipunpadosi 11.000 panggènan malih kanggé párá pangungsi, namung saèstunipun tiyang-tiyang wau kedah sampun pikantuk pondokan.

    Walikuthá Nijmegen ugi pangarsá wadhah Rembugan Kaslametan Hubert Bruls ngendiká bilih párá walikuthá saget pirsá masalah ingkang dipunsebataken déning Mentri Grapperhaus.

    “Kitá ndhèrèk menggalih sáhá ndamel prajanjian antawis párá walikuthá babagan perkawis wau saénggá salebeting wekdal 2 dugi 3 minggu párá pangungsi boten numpuk saget dipunsebar ing panggènanipun. Kanthi makaten kitá sareng-sareng saget nampi párá pangungsi kanthi nguwongké,” ngendiká walikuthá Bruls.

    Naliká pungkasan sasi Agustus, Mendagri Kajsa Ollongren sareng Sekretaris Negari Ankie Broekers-Knol ugi sampun dhawuh dumateng párá kutháprájá sáhá provinsi supados nyiapaken panggènan-panggènan kanggé párá pangungsi, nanging panggènan-panggènan boten cekap.

    Sarèhning pangungsi terus mili mlebet Walandi jumlahipun sangsáyá kathah, langkung kathah saking prakiraan sadèrèngipun, sebagéan amargi kahanan ing Afghanistan, sebagéan malih pancèn saráná-prasaranipun pancèn boten kathah. 

    “Párá pamongprájá saking wadhah Rembugan Kaslametan sampun pirsá punápá ingkang dipunbetahaken kados dhawuhipun Pak Mentri atas nami kabinèt perkawis panggènan kanggé párá pangungsi,” makaten Bruls.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleKersanipun Boten Pikun Miturut dr Verhoeff
    Next Article Gègèran Gunem-takèn Jurnalis Wanitá Amérika lan Putin
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.