Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Mlajar Nabrak Kucing Dendhá Rp 194 Juta
    Internasional

    Mlajar Nabrak Kucing Dendhá Rp 194 Juta

    By Eddi Santosa11.10.20211 Min Read
    © unsplash/Maxim Tolchinskiy

    SAINT HELIER – Párá wargi ing nungsá (pulau) Jersey, Inggris wiwit dinten sapuniká saget kénging dendhá mèh Rp 200 juta menawi mlajar sasampunipun nabrak kucing.

    Párá politisi ing Jersey dinten Selásá sarujuk ngamandemèn Pranatan Unggah-ungguh Margi, ingkang antawisipun ngatur bilih párá sopir utawi pangendali kendaraan sanèsipun kedah lapuran dateng ingkang kagungan kucing utawi kantor Jersey Society for the Prevention of Cruelty to Animals utawi pulisi menawi piyambakipun nabrak kucing.

    Menawi boten nindakaken aturan puniká pramilá piyambakipun saget kénging dendhá dugi 10.000 poundsterling utawi Rp 194 juta, makaten Algemeen Dagblad kapethik Het Javaanse Blad, Senèn (11/10).

    Naliká taun 2019 rancangan aturan puniká dipunwiwiti déning Equal Rights for Cats Group (Paguyuban Sesami Hak kanggé Kucing, red) mawi petisi online ingkang dipundukung párá wargi kathahipun langkung saking 5.000.

    Paguyuban puniká menggalih bilih boten adil pamréntah sampun ngreksá kéwan sanèsipun menawi ketabrak, nanging kucing dèrèng mlebet aturan lan tansah dados korban tabrak mlajar.

    “Aturan puniká saget matesi nelangsanipun kucing, supados menawi ketabrak énggal pikantuk pitulungan saking dokter kéwan,” makaten Jeremy Maçon saking Equal Rights for Cats Group.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article6 Pitedhah Emas Saking Gottenbos
    Next Article Wargi Eropa Sampun Vaksinasi Saget Mlebet New York Malih
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.