Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Mlebet Amerika Kedah Sampun Vaksin
    Internasional

    Mlebet Amerika Kedah Sampun Vaksin

    By Eddi Santosa27.10.20211 Min Read

    DEN HAAG – Sinten tindak dateng Amerika mawi montor mabur lan sanès wargi Amerika utawi kagungan idin manggèn permanèn, wiwit 8 Novèmber mangké kedah nedhahaken bukti sampun jangkep pikantuk vaksin Covid-19, ugi tès PCR negatif Corona.

    Kejawi inggih puniká laré-laré kirang umur, ugi tiyang-tiyang ingkang boten kénging pikantuk vaksin amargi alesan medis. Senaosá makaten golongan puniká tetep kedah tes Corona kejawi yuswanipun kirang saking 2 taun. Tès puniká kedah paling telat 24 jam sadèrèngipun tindak mabur.

    Foto: Unsplash/alevision.co

    Éwodènten kanggé tiyang-tiyang ingkang sampun pikantuk vaksin lan laré-laré ingkang ndhèrèk tès puniká wau saget dugi 72 jam utawi 3 dinten. Sedáyá maskapai ingkang nglayani tumpangan mabur kedah nindakaken pranatan énggal saking Gedhong Pethak (White House) puniká, antawisipun ngontrol párá penumpang punápá sampun netepi prasyarat vaksinasi wau.

    Miturut pranatan, satunggaling penumpang sampun jangkep pikantuk vaksin manawi dosis pungkasan vaksin Corona wau paling kirang sampun dipunsuntikaken kalih minggu sadèrèngipun tanggal budhal mabur.

    Vaksin-vaksin ingkang dipunakèni déning pamréntah Ameriká miturut pranatan wau inggih vaksin-vaksin ingkang sampun pikantuk idin saking WHO. Tegesipun penumpang nganggé vaksin kados AstraZeneca, senaosá boten dipunparingaken ing Amerika piyambak, tetep saget mabur mlebet Amerika.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleNgarsá Dalem Nampi Pangarsá Parlemèn Jerman
    Next Article Peruvian Food Festival Nepangaken Kulinèr Peru
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.