Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Mlebet Walandi Dèrèng Kénging Amargi Corona
    Den Haag

    Mlebet Walandi Dèrèng Kénging Amargi Corona

    By Eddi Santosa19.04.20212 Mins Read

    DEN HAAG – Amargi pagebluk virus Corona, pamréntah Walandi paring dhawuh warginipun supados boten késahan dateng máncánegari. Ugi kosok wangsulipun boten mlebet Walandi saking máncánegari, menawi boten perlu saèstu.

    Menawi badhé tindak dateng Walandi ugi wonten pranatan larangan mlebet mriki saking Uni Eropa. Dados sinten kémawon boten kénging mlebet wilayah Uni Eropa, ugi kalebet wilayah Schengen, tegesipun ugi boten saget mlebet wilayah Walandi. 

    Kejawi makaten ugi wonten larangan kanggé montor mabur ingkang mbetá penumpang saking Afrika Kidul, sáhá saking negari-negari Amerika Tengah lan Amerika Kidul.

    Éwodéné makaten wonten golongan ingkang dipunbèntenaken nggih puniká párá sudagar, párá máhásiswá, párá migran inggil ngastá kawruh, párá profesional kabudhayan lan saking séktor kreatif, ugi jejodhoan tebih.

    Sasampunipin dugi Walandi, kedah langsung quarantaine (karantina) ing griyá dangunipun 10 dinten. Mawi tès Corona dangunipun karantina saget cekak dados 5 dinten, menawi kasilipun négatif.

    Tès Corona namung saget dipuntindakaken wonten ing dinten kaping 5, sarèhning wekdal antawis panularan lan medalipun gejala biasanipun wonten ing dinten kaping 5. Pramilá panjenengan kedah nenggá dugi dinten kaping 5 sadèrèngipun saget nglampahi tès, makaten pamréntah ing website resminipun Rijksoverheid.nl

    Sawetawis puniká pamréntah Indonesia ugi sampun netepaken nutup tapel wates kanggé nyegah mlebetipun tiyang saking máncánegari, kejawi golongan katemtu ingkang saget dipunbèntenaken.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleRékor Cacahipun Tawon ing Walandi
    Next Article Ngarsá Dalem Kersá Nampi Serat Piandel Dutá Ageng Thailand
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.