DEN HAAG – Sareng Geert Wilders, Joram van Klaveren naté mungsuhi Islam kanthi sanget. Naliká nyerat buku anti-Islam, piyambakipun malah milih mlebet Islam.
Joram van Klaveren lair ing Amsterdam, 1979, naté lenggah ing Tweede Kamer (parlemèn Walandi, red) antawis 2010 dugi 2017, piyambakipun anti sanget dumateng agami Islam. Naliká nyerat buku ‘Afvallige’ (Murtad) kanggé nyerang Islam, piyambakipun malah mbalik pamikiranipun, lajeng mlebet Islam.
Jangkahipun Joram van Klaveren netepaken piyambakipun mlebet Islam damel gègèr ing Walandi, utaminipun párá bálá sáhá réncang ing PVV, parpolipun Geert Wilders. Kapethik saking Trouw, Joram van Klaveren nyariosaken kados pundi ngantos mlebet Islam, makaten:
“Puniká cariyosipun: kulá badhé nyerat buku anti-Islam, nanging saweg kulá nyerat, kulá manggihi bilih kulá kadangon madosi leresipun piyambak, bilih kulá taksih katutup tumrap sadáyá sumber lan bilih kulá anggènipun madosi kayektèn wiwit kulá taksih taruná Protèstan boten sanès kejawi ing mriki agami Islam mandhegipun. Sadáyá purbásángká babagan Islam ingkang kulá kempalaken wiwit tanggal 11 September 2011 naliká kuliah theologi, ical sedáyá.
Sampun dangu kulá ragu babagan agami lami kulá, utaminipun babagan trinitas pengèran Bápá, pengèran Putrá, lan Roh Kudus mungguhipun kulá mokal. Saèstunipun sadáyá pitakènan Kristen kulá sampun dipunwangsuli dèning Islam.
Salah satunggaling konsèp ing agami Islam ingkang paling ngundang kulá inggih puniká konsèp tauwhid, tegesipun pengèran puniká tunggal. Kulá tansah ngayakini bilih pengèran puniká kasunyatan ingkang Máhá, sarwá Máhá. Pripun caranipun manungsá ngamati kasunyatan wau? Kanthi ngésaaken. Pengèran puniká Máhá sadayanipun. Pengèran kedah Tunggal.
Kirang langkung sakawan sasi kapengker kulá mlebet Islam lan kanthi yakin sayakin-yakinipun ikrar syahadat: kulá anyaksèni bilih boten wonten pengéran kejawi Gusti Allah, lan kulá anyaksèni bilih Muhammad utusanipun Gusti Allah.
Salah satunggaling priyantun misuwur ing tradisi Kristen nggih puniká Anselmus saking Canterbury naté ngendiká, “Pengéran puniká Dzat ingkang langkung ageng saking sedáyá ingkang boten saget dipunbayangaken,” Panampi puniká boten mathuk kaliyan agami punápá kémawon, kejawi agami Islam. Pengéran mesthi ageng: Allahu Akbar. Panjenengan boten kénging damel gambar Allah, èstu panjenengan malah boten saget sarèhning Piyambakipun langkung ageng saking punápá kémawon ingkang panjenengan saget bayangaken, langkung ageng saking sedáyá kedadosan ingkang panjenengan pirsani sakeliling panjenengan. Puniká sanès maringi wates kamardhikan menggalih, nanging malah kathah maringi kamardhikan agami ingkang boten kinten-kinten.
Ing daleming tradisi kalangan Sunni boten wonten gambar Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ing tradisi Syi’ah wonten, lajeng naliká jaman Khilafah Usmaniyah (Turki) naté wonten gambar seni kanjeng Nabi, nanging kulá piyambak boten mbetahaken gambar Kanjeng Nabi Muhammad. Kulá ugi sanès tukang gambar. Umat Kristen sampun ndamel gambar sáhá patung Yesus. Yesus dipundamel eksplisit, rawuh makaten, saénggá malah saget mbélokaken saking ajaran inti agami.
Puniká kanggé kulá dados sangsáyá cethá: ing daleming agami Kristen kathah aliran ingkang boten nyepengi malih tradisi kados naliká jaman wiwitan. Utaminipun aliran-aliran Evangeli gadhah ajaran teges bilih Yesus Juru Slamet kanthi bolan-balèn mundhut Johannes 3:16, “Sarèhning makaten ageng anggènipun Gusti Allah ngasihi jagad puniká ngantos masrahaken Kang Putra tunggal, supados saben tiyang ingkang pitados marang Panjenenganipun boten manggihi karisakan, nanging pikantuk gesang ingkang langgeng,”
Dados namung manungsá ingkang naté pirsá Yesus lan ngakui piyambakipun Juru Slamet ingkang mlebet suargi? Ing jaman pinten-pinten abad kapengker boten makaten. Lajeng pripun Adam, Abraham (Ibrahim), Mozes (Musa) lan sanès-sanèsipun ingkang boten naté pirsá Yesus saget mlebet suargi?
Puniká ajib saèstu: pripun kémawon Islam kathah saminipun kaliyan Kristen tinimbang bèntenipun. Nanging kulá kadhang kálá ugi menggalih bilih umat Islam gesangipun langkung Kristen tinimbang umat Kristen piyambak.
Mawi shálat kaping gangsal saben dinten, kulá boten namung dipuntedhahaken bilih kejawi kasunyatan puniká taksih wonten kasunyatan sanèsipun. Saben Jemuah siang kulá budhal dateng masjid, ing mriká shálat jamaah Jemuah lan mirengaken khotbah, piwulang saking imam.
Kulá kadhang kálá taksih ngraos asing, boten tepang sinten kémawon saking golongan kulá ingkang tindak masjid, nanging kulá ing masjid dipuntampi kanthi rahat nyemanak, lan kulá yakin tansah bakal tepang langkung kathah tiyang.
Inggih, kanthi mlebet Islam kulá ugi kecalan dipuntilar tiyang-tiyang. Ugi saking kaluwargi boten sedáyá saget nampi. Puniká kulá saget mangertosi, kulá boten maido sinten-sinten. Nanging kanggé kulá piyambak boten wonten margi sanèsipun. Kulá kedah tumindak miturut sayektosipun, kadhang tanpá kompromi, lan kados ingkang kulá adhepi nggih kulá milih mlebet Islam.” (es/es)