Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Diplomasi

    NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran

    By Eddi Santosa03.07.20222 Mins Read
    Klik NATO Ngadhepi Jaman!
    PM Rutte, KTT NATO Madrid © Twitter

    MADRID – NATO ngadhepi kasunyatan jaman, antawisipun ancaman Rusia. Kabinèt Walandi bakal nambah anggaran angkatan perang 2% supados mathuk kalihan norma NATO.

    Terugkijken: het inleidend statement van de wekelijkse persconferentie van premier Rutte na de #ministerraad. Met terugblikken op de NAVO-top van deze week en het debat in de Tweede Kamer over de onrust n.a.v. de stikstofmaatregelen van gisteravond. pic.twitter.com/INqmv90g8J

    — Mark Rutte (@MinPres) July 1, 2022

    PM Mark Rutte ngendiká makaten naliká ngrawuhi KTT NATO ing Madrid, mawi NPO Radio 1, dinten Kemis suryá kaping 30 Juni 2022.

    “Kitá kedah nambah blánjá angkatan perang, dados kanthi makaten saget netepi norma NATO ingkang 2% ing tahun 2024-2025,” ngendiká Rutte.

    Rutte nglajengaken, manawi ékonomi mangké tansah tuwuh, prosèntase wau bakal mandhap malih. Pokokipun kedah wonten langkung kathah anggaran kanggé angkatan perang. 

    “Nanging puniká formil taksih kedah dipunputusaken déning kabinèt. Kulá kinten politis boten badhé wonten masalah,” makaten Rutte.

    KTT Boten Biasa

    NATO ngadhepi jaman, miturut Rutte, KTT NATO puniká kalebet KTT boten biasa ingkang piyambakipun naté rawuhi minongká Perdana Menteri Walandi.

    “Menawi kulá ènget-ènget malih tahun-tahun ingkang kapungkur, saget kulá tarik konklusi bilih KTT puniká boten biasa,” ngendiká Rutte.

    Paling wigatos inggih puniká pangiyatan aliansi, sarèhning wonten ancaman saking Rusia. Salajengipun mbangun tapel wates sisih wétan ugi kalebet historis.

    Boten kalah wigatos inggih puniká Swedia lan Finlandia mlebet NATO. Sadèrèngipun nagari kekalih ing wilayah Skandinavia wau tansah milih netral.

    “200 tahun kapungkur Swedia tansah nétral, nedhahaken bilih wekdal kitá gesang sapuniká boten biasa,” makaten Rutte.

    Kanggé Kamardikan

    Prioritas wekdal sapuniká miturut Mark Rutte inggih puniká tetep ngintun gaman dumateng Ukraina, kados sampun dipunaturaken naliká pidato ing KTT NATO.

    “Kitá temtu boten saget ngintun pasukan dateng Ukraina, amargi kitá boten ndèrèk perang, nanging kitá kedah sareng-sareng tetep ngintun gaman,” imbuh Rutte.

    Perkawis makaten Rutte sampun ngendikan sareng presidèn Ukraina Zelenski sáhá Perdana Menteri Inggris Boris Johnson, ugi pangarsá nagari sanèsipun kersanipun mbiyantu Ukraina.

    Miturut Rutte piyambakipun boten saget nyebataken nagari-nagari pundi mawon, nanging langkung utami kawigatosan ngadhepi perang puniká. 

    “Kitá kedah siap rekaos, antawisipun regi-regi awis lan inflasi. Sedáyá wau kedah kitá bayar kanggé kamardikan lan kabébasan sadangunipun,” makaten Rutte. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePutri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18
    Next Article ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.