Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ngarsá Dalem Angresmiaken Depot Boijmans Van Beuningen
    Kraton

    Ngarsá Dalem Angresmiaken Depot Boijmans Van Beuningen

    By Eddi Santosa05.11.20212 Mins Read

    ROTTERDAM – Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander karsá angresmiaken Depot Boijmans Van Beuningen ing Rotterdam, dinten Jemuah (5/11) siang. 

    Puniká depot seni kaping sepindhah sajagad ingkang saget dipuntuwi déning masyarakat, makaten serat pawartá Rijksvoorlichtingsdienst ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad.

    Museum Boijmans Van Beuningen sapuniká tutup sarèhning wonten pangénggalan sáhá dandosan (rénovasi) ageng lan dipunkarsaaken badhé bika malih mangké taun 2028. 

    Depot seni ing gudhang museum boten aman, kebak sanget lan sampun lawas. Pramilá barang-barang seni wau dipunpindhahaken dateng depot njawi sadèrèngipun museum tutup taun 2019. Kasunyatanipun sanès pilihan menawi kolèksi 151.000 barang seni ingkang awis wau dipunsimpen malih ing museum, dados salajengipun dipunsimpen ing depot njawi. 

    Depot Boijmans Van Beuningen ngaturi párá rawuh ingkang tuwi mriká paningalan jagad muséum lan maringi pirsá pripun caranipun ngrumat sáhá nguri-uri kolèksi barang seni. Sedáyá pakaryan seni dipunsimpen saget dipunpirsani párá pangunjung. Biasanipun muséum namung mameraken 6% dugi 10% saking kolèksinipun.

    Depot puniká dipunrancang déning kantor arsitèk MVRDV ugi satunggaling gedhong ingkang lestari, ingkang ngginaaken ènèrgi suryá lan panyimpanan toyá. Sisih njawi depot puniká kadamel saking 1664 panèl pangilon ingkang nggambaraken muséum sáhá kuthá Rotterdam.

    Sasampunipun Ngarsá Dalem angresmiaken depot, salajengipun rombongan pangunjung ingkang kaping sepindhah saget mlebet depot sáhá mirsani kolèksinipun. Ngarsá Dalem salajengipun dipundhèrèkaken keliling depot, antawisipun panggènan ukiran kajeng, lukisan, panggènan rèstorasi, panggènan sinau, lan kolèksi partikelir. Ngarsá dalem ugi guneman kaliyan párá punggáwá Boijmans Van Beuningen, párá arsitèk depot sáhá panganggé depot sanèsipun.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePapréntahan Énggal, Langkung Nemen
    Next Article Gusti Kanjeng Ratu Máxima Tuwi Kriyá KTT G20
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.