Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ngarsá Dalem Mbika Pamèran Batur Tukon ing Rijksmuseum
    Kraton

    Ngarsá Dalem Mbika Pamèran Batur Tukon ing Rijksmuseum

    By Eddi Santosa13.05.20212 Mins Read
    Ngarsá Dalem Willem-Alexander (kredit: Koninklijkhuis/RVD)

    AMSTERDAM – Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander badhé mbika paméran Slavernij (Batur Tukon, red) ing Rijksmuseum, Amsterdam, mangké dinten Selásá siang (18/5/2021).

    Sarèhning wonten pranatan kanggé nanggulangi COVID-19, pramilá pamèran wau sawetawis ing minggu-minggu kaping sepindhah mligi kanggé sekolah-sekolah lajengan saking wilayah Amsterdam mawon. Menawi sampun aman, salajengipun saget dipunbika kanggé kawulá umum, makaten katerangan Rijksvoorlichtingsdienst ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad.

    batur tukon kolonial Walandi ing Afrika Kidul lan Asia mawi Verenigde Oost Indische Compagnie (VOC)

    Pamèran Batur Tukon (Rijksmuséum)

    Senaosá makaten, pamèran batur tukon wau saget dipunpirsani mawi online wiwit tanggal 18/5. Miturut cariyos 10 sumber, pamèran puniká nyoroti batur tukon naliká jaman kolonial Walandi ingkang dangunipun saking abad kaping 17 dugi abad 19.

    ing pamèran puniká saget dipunpirsani barang-barang, lukisan, sáhá arsip-arsip lángká

    Wonten ing pamèran wau, cariyos pengalaman piyambak ingkang yektos kadadosan saking 10 tiyang ingkang gesang wekdal semanten dados wigatosan utami. Puniká cariyos babagan gesang párá batur tukon, caranipun meres, lajeng nglawan lan pungkasanipun bébas mardhiká.

    Batur tukon ing Suriname, Brazil, sáhá wilayah Karibia, kanthi lakonipun West-Indische Compagnie (WIC), sáhá batur tukon kolonial Walandi ing Afrika Kidul lan Asia ing pundi Verenigde Oost Indische Compagnie (VOC) wekdal semanten taksih wonten, dipunpamèraken.

    Pamèran Batur Tukon (Rijksmuséum)

    Rijksmuseum mawi pamèran puniká ugi mbabaraken akibat-akibat saking tátácárá jaman semanten ing nagari Walandi piyambak. Ing pamèran wau saget dipunpirsani barang-barang, lukisan, sáhá arsip-arsip lángká, ugi sumber-sumber saking pitutur, tembang, lan tetabuhan utawi musik.

    Ngarsá Dalem dipunaturi mirsani keliling pamèran, dipundhèrèkaken déning Dirèktur Rijksmuseum Taco Dibbits, Kepala Sejarah Valika Smeulders lan Yosina Roemajauw (14), inggih puniká laré ingkang dados panutur, ndhèrèk nyerat ing majalah Slavernij en Nu? (Batur Tukon lan Sapuniká?) ingkang dipundamel mligi kanggé piwulang. 

    Sadangunipun mirsani keliling piyambakipun sareng kaliyan párá konservator nerangaken pinten-pinten cariyos. Ing bangsal “Look At Me Now” Ngarsá Dalem ngendiká kaliyan párá mahasiswa ingkang damel prakaryan seni énggal babagan batur tukon ingkang dipuntuntun déning párá seniman Instituto Buena Bista saking Curaçao. 

    Pamèran batur tukon puniká minongká kasilipun makaryá sami antawisipun pinten-pinten ahli saking njawi museum, antawisipun párá sejarawan, ahli warisan kabudhayan, pangusaha kabudhayan, seniman, pandamel tonil, sáhá párá artis.(es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleNgrawuhi Syuting Film “De Oost”, Film Perang Kamardhikan
    Next Article Gusti Kanjeng Ratu Ngrawuhi Orasi Párá Profesor PCL
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.