Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ngarsá Dalem Nampi Kredensial Dutá Ageng Israël 
    Kraton

    Ngarsá Dalem Nampi Kredensial Dutá Ageng Israël 

    By Eddi Santosa02.02.20222 Mins Read
    © Koninklijkhuis/Frank van Beek

    DEN HAAG – Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander nampi panyerahan serat-serat kapitadosan saking Dutá Ageng Israël Modi Ephraim.

    Salajengipun ugi Dutá Ageng Selandia Énggal Susannah Hayden Gordon sáhá Dutá Ageng Yunani Caterina Ghini. Panyerahan serat-serat kapitadosan utawi credential (kredensial) puniká dipunselenggaraaken wonten ing Karaton Noordeinde, Den Haag, dinten Rebo (2/2/2022).

    Upácárá Kredensial Dutá Ageng ing Kraton Noordeinde, Den Haag

    Párá Dutá Ageng dipunpethuk lajeng dipundèrèkaken déning kamerheer inggih puniká satunggaling pangageng kraton staf Ngarsá Dalem. Kanggé misi puniká Ngarsá Dalem dhawuh sedyá karétá turánggá kanggé párá Dutá Ageng, lan menawi mathuk, ugi blauw rijtuig kanggé párá staf Dutá Ageng ingkang ndèrèkaken minongká pangiring.

    Karétá puniká dipuntarik nganggé 2 turánggá, éwodènten galarijtuig dipunkawal ing kiwá tengen déning 2 panunggang turánggá ngagem busáná seragam gala. Ing ngajeng sáhá ing wingking iring-iringan Dutá Ageng puniká dipuniringaken déning 2 kavaleri saking Bereden Marechaussee ngagem busáná seragam upácárá. Protokol busáná kanggé Dutá Ageng inggih puniká jacquet utawi ugi saget nganggé busáná nasional piyambak miturut negarinipun.

    Salajengipun dugi ing wingking Karaton Noordeinde sampun nenggá pasukan jagi sáhá militaire kapel utawi korps musik militèr. Pasukan jagi péranganipun inggih puniká satunggal komandan lan 2 detasemèn saking Commando Zeestrijdkrachten (Komando Angkatan Laut). Éwodènten militaire kapel ingkang ngiringaken musik saking  Marinierskapel der Koninklijke Marine & Tamboers en Pijpers. 

    Wonten ing Karaton ugi sampun siap prajurit jagi saking Koninklijke Marechaussee nganggé seragam upácárá. Sasampunipun ngaturaken hormat mawi 4 roffels lan lagu kebangsaan negarinipun Dutá Ageng, dipunsusul inspèksi pasukan jagi, Dutá Ageng kaliyan pandampingipun lajeng mlebet Karaton. Sasampunipun kredensial, menawi Dutá Ageng budhal nilaraken Karaton, piyambakipun ugi pikantuk atur kinurmatan malih mawi 4 roffels.

    Dutá Ageng ngaturaken serat-serat kapitadosan dumateng Ngarsá Dalem miturut paugeran pananggulangan virus Corona, upácárá militeripun ugi dipuncocogaken kaliyan kahanan. Serat-serat kapitadosan boten langsung dipunaturaken dumateng Ngarsá Dalem, nanging dipunsèlèhaken déning Dutá Ageng ing méjá.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleLockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 
    Next Article Kalimati Naté Nyumbang Perang Boer 
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.