Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik
    Kraton

    Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

    By Eddi Santosa13.06.20221 Min Read
    Klik Ngarsá Dalem & GKR Máxima!
    Ngarsá Dalem & GKR Máxima © Nouveau

    AMSTERDAM – Ngarsá Dalem Willem-Alexander sareng Gusti Kanjeng Ratu Máxima ngaturi galadiner dumateng Corps Diplomatique ing Kraton Amsterdam mangké dinten Rebo dalu suryá kaping 22 Juni.

    Sadangunipun galadiner Ngarsá Dalem badhé paring pidato, kados sampun dados tradisi. Taun puniká irah-irahanipun babagan politik sáhá pamréntahan.

    galadiner = pasamuan ageng

    Galadiner puniká minongká kanggé nguri-uri lan ngiataken gegayutan internasional tuwin nggathukaken párá tamu saking Walandi piyambak lan saking máncá.

    Kejawi 150 perwakilan saking máncá ing Walandi lan Brussel, ugi wonten 100 wakil pamréntahan saking Walandi piyambak ingkang dipunaturi rawuh.

    Galadiner tahun-tahun kapungkur antawisipun ngaturaken irah-irahan ing babagan seni lan kabudayan, hukum internasional sáhá perusahaan internasional.

    Saking kaluargi kraton ingkang badhé rawuh mangké antawisipun Gusti Kanjeng Putri Beatrix, Putri Margriet sáhá garwanipun inggih puniká Prof. mr. Pieter van Vollenhoven.

    Sampun langkung saking 200 taun Kraton Amsterdam dados salah satunggaling résidènsi pangarsá Karajan Walandi. Kraton Amsterdam puniká ugi kraton kanggé nampi tamu-tamu resmi. 

    Antawisipun tuwi resmi kanegaran, resèpsi taun énggal, ugi kanggé nampi tamu-tamu resmi kraton sanèsipun. Naliká tuwi resmi kanegaran, Ngarsá Dalem ngaturi pasegahan ing Kraton Amsterdam puniká. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePutri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak
    Next Article Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.