Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ngarsá Dalem Ngrawuhi Balletgala Kaping 23
    Kraton

    Ngarsá Dalem Ngrawuhi Balletgala Kaping 23

    By Eddi Santosa16.11.20212 Mins Read
    Kawruh Basa Jawi Ngarsa Dalem Ngrawuhi - Het Javaanse Blad
    Foto: Koninklijkhuis/Patrick van Katwijk

    AMSTERDAM – Ngarsá Dalem sáhá Gusti Kanjeng Putri Beatrix der Nederlanden sami ngrawuhi Nederlands Balletgala kaping 23 déning Stichting Dansersfonds ‘79 (Yayasan Bándhá Panantun ‘79) wonten ing gedhong DeLaMar, Amsterdam, dinten Senèn dalu utawi Selásá (16/11) WIB.

    Nederlands Balletgala tahun sapuniká dipunaturaken dateng sedáyá panantun Walandi sáhá párá panantun ingkang makaryá ing Walandi, ingkang ngalami kasisahan anggènipun latihan utawi nantun sarèhning wonten krisis Corona.

    Naliká Balletgala wonten antawisipun pasugatan saking Het Nationale Ballet, de Junior Company saking Het Nationale Ballet, Nederlands Dans Theater, Introdans, Scapino Ballet Rotterdam lan Conny Janssen Danst. 

    Ugi sadangunipun gala dipunaturaken ganjaran kanggé párá panantun ingkang nggadhahi bakat lan ganjaran minongká pangurmatan kanggé panantun utawi koreograf ingkang sampun kathah jasanipun, makaten serat pawartá saking Rijksvoorlichtingsdienst ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad.

    Yayasan Bándhá Panantun ‘79 dipunawontenaken kanggé mbiyantu finansial párá panantun ingkang kapeksá mandheg makaryá amargi masalah yuswá utawi cidrá nemen, sáhá kanggé ndorong lan mbiyantu panantun enèm.

    Kanthi makaten yayasan puniká saget maringi beásiswá dumateng párá taruná ingkang nggadhahi bakat kanggé ngranjuk tingkat internasional ingkang inggil. Salah satunggalipun saráná kanggé nggalang artá inggih puniká mawi Balletgala.

    Sasampunipun lèngsèr kaprabon Gusti Kanjeng Ratu Beatrix (83), ibunipun Ngarsá Dalem, kados kang ibu Ratu Juliana sáhá éyang Ratu Wilhelmina ngastá titel Prinses der Nederlanden, Prinses van Oranje-Nassau lan Prinses van Lippe-Biesterfeld kanthi predikat Koninklijke Hoogheid.

    Ratu Beatrix lèngsèr kaprabon dinten Selásá, 30 April 2013. Makutá Karajan Walandi dipunlajengaken déning kang putrá Pangéran Pati Willem-Alexander Claus George Ferdinand Prins van Oranje-Nassau, Jonkheer van Amsberg (Utrecht, 27 April 1967) ingkang salajengipun wiwit 30 April 2013 resmi ngastá titel ‘Ngarsá Dalem’ Koning der Nederlanden.

    Wiwit 4 Februari 2014 Gusti Kanjeng Putri Beatrix gegriyan resmi ing Kasteel Drakensteyn. Gedhong sisih Kraton Noordeinde ing margi Noordeinde 66 Den Haag wiwit tahun 2014 dados pied-à-terre kanggé piyambakipun, ugi minongká sekretariat piyambakipun.

    Gusti Kanjeng Putri Beatrix jumenengan dados Ratu dinten Rebo, 30 April 1980, nglajengaken makutá Karajan Walandi saking kang ibu Gusti Kanjeng Ratu Juliana der Nederlanden. Beatrix puniká Putri Pati saking prakawinan Gusti Kanjeng Ratu Juliana lan Pangèran Bernhard van Lippe-Biesterfeld.

    Juliana kapundhut dinten Setu, 20 Maret 2004, lajeng Pangèran Bernhard dinten Rebo, 1 Desèmber 2004. Kekalihipun dipunsaréaken ing Pasaréan Trah Oranje ing Nieuw Kerk (Gréja Énggal), Delft.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleWalandi Netepaken Pranatan Énggal Corona
    Next Article Austria Lockdown 10 Dinten
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.