Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Kamar Dagang Amerika 60 Tahun, Ngarsá Dalem Rawuh 
    Kraton

    Kamar Dagang Amerika 60 Tahun, Ngarsá Dalem Rawuh 

    By Eddi Santosa13.04.20222 Mins Read
    60 Taun AmCham ©RVD/Patrick van Katwijk

    AMSTERDAM – Ngarsá Dalem Willem-Alexander ngrawuhi riyáyá 60 tahun The American Chamber of Commerce (Kamar Dagang Amérika) ing Tanah Walandi (AmCham).

    Ugi rawuh Pangarsá Sénat Walandi Jan Anthonie Bruijn, Menteri Ékonomi Micky Adriaansens, Staatssecretaris Fiskal lan Pajek Marnix van Rij, Chargé d’Affaires a.i Kedubes AS Marja Verloop, 550 anggota lan tamu sanèsipun.

    Prèngetan 60 Taun AmCham Walandi

    Sadèrèngipun, Ngarsá Dalem salebeting riyáyá ing Theater Amsterdam (25/5) wau ugi ngendikan kaliyan párá punggáwá AmCham, makaten serat pawartá Rijksvoorlichtingsdienst ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad.

    Kamar dagang Amerika ing Walandi mangadeg wiwit taun 1962 kanthi anggota 94 perusahaan Walandi lan Amerika. Sebagéan perusahaan wau sampun boten wonten malih, sebagéan sanèsipun nglajengaken lakon wigatos salebeting jejaring AmCham.

    Ing wekdal-wekdal kapungkur AmCham kanthi bingah nampi anggota generasi énggal. Sedáyá anggota lawas lan énggal puniká ndadosaken AmCham organisasi ingkang gairah. Dinten sapuniká AmCham nggadhahi 340 anggota saking sedáyá sèktor ékonomi.

    Sadangunipun 60 taun, AmCham tansah makaryá ngiataken iklim invèstasi. Ngadhepi 60 taun majeng, AmCham ugi sampun miyaraken skup agèndanipun, sarèhning anggotá mbetahaken makaryá sareng ing masalah-masalah énggal.

    Kados tuladhanipun masalah kalestarian, bebrayan, inovasi, sáhá makaryá sareng antawis perusahaan multinasional ageng kaliyan Perusahaan-perusahaan Alit lan Tengahan.

    Sedáyá wau dados kawigatosan utami naliká gelar gunem ‘Imagine 60 Years Up’ sareng Marguerite Soeteman-Reijnen (dirèktur Aon Holdings), Monique Donders (country manager BlackRock ing Walandi), Wouter Kolk (CEO Ahold Delhaize Eropa & Indonesia) miwah Martijn Bertisen (country director Google ing Walandi).

    AmCham ngaturaken matur nuwun kanthi sanget dumateng Aon, BlackRock, Ahold Delhaize, Google, sedáyá anggota sáhá párá tamu ingkang sampun ndadosaken Prèngetan 60 Taun puniká bakal tansah dipunènget-ènget!

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleKalimati Naté Nyumbang Perang Boer 
    Next Article Gusti Kanjeng Ratu Máxima 51 Tahun
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.