Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ngarsá Dalem Pinarak Incognito Mlebet Wandé
    Kraton

    Ngarsá Dalem Pinarak Incognito Mlebet Wandé

    By Eddi Santosa01.06.20222 Mins Read
    Ngarsá Dalem Willem-Alexander © NOS

    VALKENBURG – Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander tanpá wárá-wárá rawuh ing Valkenburg, mlebet wandé dhahar bacon kaliyan tigan, lajeng mbayar piyambak.

    Ngarsá Dalem dipunambit Gusti Kanjeng Ratu Máxima ngagètaken rawuh tuwi tanpá wárá-wárá dateng kutháprájá Valkenburg ingkang katerjang banjir taun kapungkur. 

    Piyambakipun kekalih antawisipun pinarak ing toko ès krim Botterweck kagunganipun Ferry Philippi, ingkang nembé bika malih sasampuniun rampung dipundandani.

    “Inggih leres, Ngarsá Dalem sareng Gusti Kanjeng Ratu pinarak mriki. Puniká kulá taksih degdegan sanget,” ngendiká Philippi sasampunipun Rájá Willem-Alexander nilaraken panggènan kados kapethik saking Hart van Nederland dinten Ngahad (29/5/2022).

    Sadèrèngipun Philippi pikantuk telepon réservasi saking kutháprájá punápá piyambakipun saget nyiapaken méjá kanggé Walikuthá Valkenburg Daan Prevoo dinten Ngahad jam 12.00.

    Persis jam 12.00 Pak Walikuthá mlebet toko. Philippi kaget boten kinten-kinten sarèhning wonten 2 tamu ageng ndèrèk mlebet inggih puniká Rájá Walandi sareng Gusti Kanjeng Ratu.

    “Mbingahaken sanget. Piyambakipun ngendiká bilih rawuh mriki kanggé netepi janji, lajeng takèn pripun kabaripun sasampunipun banjir lan pripun asuransinipun,” makaten Philippi.

    Walikuthá Prevoo dhahar roti bakar, Rájá Willem-Alexander dhahar daging bacon kaliyan tigan, lajeng Gusti Kanjeng Ratu dhahar salad vegan (dhaharan tanpá bahan saking kéwan, red).

    Ingkang ngagètaken malih, miturut Philippi, Ngarsá Dalem mbayar piyambak sedáyá tagihan ingkang dipundhahar. “Piyambakipun ugi maringi tip kathah,” makaten Philippi.

    Dredheg

    Kejawi toko ès krim Botterweck, Rájá Willem-Alexander sareng Gusti Kanjeng Ratu ugi pinarak dateng toko sekar Joy Flowers kagunganipun Joris Ruland.

    Miturut Ruland, Ngarsá Dalem sampun sejam kapungkur nilaraken panggènan, nanging piyambakipun sapuniká nembé ndredheg, nembé sadar punápá ingkang sampun dipunalami.

    “Naliká piyambakipun mlebet toko kulá, kulá dèrèng pati sadar, nanging sapuniká kulá nembé nyadari,” makaten Ruland.

    Banjir

    Wilayah kutháprájá Valkenburg aan de Geul, provinsi Limburg, Juli 2021 kapungkur katerjang banjir sasampunipun jawoh deres.

    Rájá Willem-Alexander sareng Gusti Kanjeng Ratu Máxima wekdal semanten langsung tuwi mriká kanggé mirsani piyambak kados pundi risakipun wilayah wau.

    Banjir puniká ugi ndadosaken karisakan nemen ing wilayah Belgia, Jerman, Prancis, lan Luxemburg, nelasaken biaya ngantos €38 euro utawi Rp 589 trilyun. Total ingkang pejah 240 tiyang (es/es).

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleGKR Máxima Ngrawuhi WEF Davos
    Next Article Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.