Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ngarsa Dalem Tuwi Tani Kop van Overijssel
    Kraton

    Ngarsa Dalem Tuwi Tani Kop van Overijssel

    By Eddi Santosa30.09.20212 Mins Read
    Foto: Provincie Overijssel/Raymond van Olphen

    SINT JANSKLOOSTER – Ngarsá Dalem Willem-Alexander karsá tuwi kriyá 2 kabudidayan tani ing Kop van Overijssel minongká migatosaken patanèn lan ngrumat alam.

    Ngarsá Dalem keliling mirsani kabudidayan tani lan glagah Slot ing Sint Jansklooster. Kabudidayan kaluargi puniká mligi ngupákárá susu peres, glagah kanggé payon, lan ngrumat alam. Kalenggahan kabudidayan puniká wewatesan kaliyan wilayah alam De Wieden. Sapi-sapi dipungiring nyebrang nganggé prau tambang supados saget nyuket mriká. Kanthi cárá makaten rupi-rupi makhluk hayati saget dipundorong manak-pinak.

    Sasampunipun keliling mirsani, Ngarsá Dalem dhawuh dumateng párá rawuh, antawisipun pripun caranipun madosi kaseimbangan antawis ngabudidáyá tani sáhá madosi bathi lan ngrumat kalestarian alam.

    Saking Sint Jansklooster, Ngarsá Dalem ugi tuwi kriyá dateng kabudidayan tani Weidevol kagunganipun kaluargi Spans ing Zwartsluis. Ngarsá Dalem dipunaturi keliling mirsani kandhang lembu, sáhá panggènan kanggé rapat ingkang dipunséwaaken.

    Kaluargi Spans ngaturaken katerangan pripun piyambakipun saking kabudidayan tani kados umumipun gantos tani biologis lan pripun piyambakipun nyambi dados juragan séwá panggénan. 

    Minongká panutup, Ngarsá Dalem ugi karsá ngrawuhi rembugan mejá bunder babagan gotong royong ing séktor tani lan ngrumat alam lingkungan tingkat propinsi. Ugi dipunrembug lakon organisasi Samen ingkang damel kabudidayan tani lestari langkung saé ing wilayah propinsi Overijssel. Organisasi puniká dipundamel déning propinsi kaliyan 13 organisasi tani lan organisasi pangrumatan alam.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleKabinèt Setop Pakèt Bantuan Ékonomi Wiwit 1 Oktober
    Next Article Blossom Panache, Bálápecah Kraton Walandi
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.