Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ngarsá Dalem Tuwi Kriyá Koninklijke Marine
    Kraton

    Ngarsá Dalem Tuwi Kriyá Koninklijke Marine

    By Eddi Santosa25.05.20211 Min Read
    Ngarsa Dalem - Het Javaanse Blad
    © Koninklijkhuis

    DEN HELDER – Ngarsá Dalem Rájá Willem Alexander tilik kriyá dateng Admiraliteitsraad (Déwan Amral) lan pangkalan latihan Koninklijke Marine (Angkatan Laut Karajan Walandi) ing Den Helder, dinten Rebo (19/5/2021) siang.

    Lambang AL Karajan Walandi

    Tilik kriyá Ngarsá Dalem dipunwiwiti ing kapal perang Zr.Ms. Rotterdam, satunggaling kapal angkut amfibi Koninklijke Marine ing pangkalan Den Helder, makaten serat pawartá Rijksvoorlichtingsdienst ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad.

    Kredit: Ministerie van Defensie.

    Ngarsá Dalem antawisipun ngrawuhi sebagéan rembugan Admiraliteitsraad (Déwan Amral). Déwan puniká organ panemtu kaputusan sáhá arahan paling inggil angkatan laut Walandi langsung ing pangarsaning Panglima Angkatan Laut, Wakil Amral Rob Kramer.

    Salajengipun Ngarsá Dalem tilik pangkalan latihan angkatan laut Zeemanschapstrainer de Poolster, satunggaling latihan ing pundi piwulangan nautika dipunparingaken tanpá gumantung kalih pasukan ingkang lelayaran lan saráná latihan.

    Kredit: Ministerie van Defensie.

    Koninklijke Marine mawi armada lan pasukanipun ndhèrèk ngupáyá mujudaken katentreman donyá saking laut. Ing tanah Walandi sáhá máncánagari Koninklijke Marine mbiyantu operasi-operasi pangandalian krisis, operasi kamanungsan, lan bencáná.

    Koninklijke Marine puniká bagéan paling wiwitan angkatan perang Walandi. Ngarsá Dalem kanthi teratur nindakaken rembugan babagan rupi-rupi masalah lan téma, mawi telepon, ing kraton lan panggénan sanèsipun. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePanggabungan Batang-Pekalongan, Ngasilaken Èfisiènsi Anggaran
    Next Article Puniká Bupati Pekalongan Sasampunipun Katambahan Batang
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.