Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ngarsá Dalem Tuwi Kanegaran ing Norwegia
    Kraton

    Ngarsá Dalem Tuwi Kanegaran ing Norwegia

    By Eddi Santosa11.11.20213 Mins Read
    Klik Ngarsá Dalem Willem-Alexander!
    Ngarsá Dalem, Kraton Oslo © RVD

    OSLO – Ngarsá Dalem tuwi kanegaran sareng Gusti Kanjeng Ratu Máxima dateng Karajan Norwegia, dipunaturi déning Ngarsá Dalem Rájá Harald V.

    Mentri Ben Knapen ndèrèkaken tuwi kanegaran saking dinten Selásá suryá kaping 9 dugi Kemis suryá kaping 11 puniká ing Kraton Oslo sáhá Trondheim.

    tuwi = tilik (ngoko)

    kunjungan (Ind)

    Tuwi kanegaran puniká minongká ngiataken gegayutan antawis Walandi-Norwegia, ingkang ngugemi norma lan unggah-ungguh ingkang sami, sáhá sesarengan ngadhepi tantangan-tantangan ageng internasional.

    Bilateral

    Sadangunipun tuwi kanegaran puniká dipunrembag antawisipun babagan gotong-royong bilateral lan internasional, pangowahaning iklim, pangalihan energi lan kalestarèn.

    Walandi-Norwegia nggatosaken sanget perkawis nagari adedasar pranatan, ing mriku hak-hak asasi manungsá dipunmuliaaken, ugi ékonomi pasar ingkang mardiká.

    Minongká sesami mitrá, Walandi lan Norwegia ugi asring tumindak sareng-sareng ing PBB, WTO, sáhá NATO.

    Kanggé karaharjan generasi mbénjing, Walandi-Norwegia makaryá sareng ing babagan inovasi tuwin kalestarèn Laut Lèr, pangan, sáhá téknologi mawi sumber ènèrgi resik lan lestari.

    Tuwi kanegaran puniká dipunwiwiti ing Oslo. Ngarsá Dalem sáhá Gusti Kanjeng Ratu dipuntampi déning Rájá Harald V sáhá Ratu Sonja mawi upácárá ing Kraton Oslo. 

    Dipunlajengaken Ngarsá Dalem nyekar ing Monumèn Nasional minongká mrèngeti párá korban ingkang gugur sadangunipun Perang Donyá II, lajeng pasamuan siang ing Kraton.

    Owahing Iklim

    Wekdal siangipun ngrembag owahing iklim. Ing Arktik owahipun iklim puniká katingal sanget arupi massa ès ingkang susut, lajeng mengaruhi kagesangan sáhá ékonomi. 

    Norwegia nindakaken rembagan kaliyan párá kawulá Sami ing wilayah mriku lan párá taruná babagan raos kuatos, gagasan, tuwin kamungkinan-kamungkinan énggal ing Arktik.

    Éwodènten ing The Fram Museum wonten rembagan párá taruná lan mahasiswa Walandi-Norwegia babagan pengaruh owahing iklim tumrap wilayah Arktik.

    Dalunipun Ngarsá Dalem Rájá Harald V ngaturi pasamuan ageng dumateng Rájá Willem-Alexander sáhá Gusti Kanjeng Ratu Máxima ing mriku kekalihipun maringi pidato.

    Dinten Rebo énjingipun wonten seminar ing Pabukon Deichman, antawisipun ngrembag hak-hak manungsá sáhá kamardikan ngendikan. Ngarsá Dalem ngrawuhi seminar puniká.

    Saking pabukon Ngarsá Dalem dipuntampi déning PM Jonas Gahr Støre, salajengipun pasamuan siang ing bèntèng Akerhus. Ing mriku Ngarsá Dalem ugi paring pidato.

    Militèr

    Wekdal siangipun ing kapal Zr.Ms. Rotterdam, ingkang nembé ndèrèk latihan perang ing wilayah laut Norwegia, wonten rembagan militèr antawis Walandi-Norwegia. 

    Rembagan wau antawisipun ngrembag latihan militèr tahunan ing gunung sáhá wanci winter ing wilayah lèr Norwegia ingkang sampun mlampah 50 tahun.

    Dalunipun Ngarsá Dalem Willem-Alexander tuwin Gusti Kanjeng Ratu Máxima gantosan ngaturaken konsèr célo saking Harriët Krijgh ing gedhong muséum MUNCH.

    Dinten Kemis suryá kaping 11 ing kuthá Trondheim tuwi kanegaran nggatosaken pangreksan segárá ingkang lestari sáhá pangalihan nuju sumber ènèrgi lestari. 

    Ngarsá Dalem antawisipun tuwi laboratorium Norwegian Centre for Plankton Technology sáhá Powerhouse Brattørkaia, satunggaling gedhong ènèrgi-plus saking tenágá suryá.

    Salajengipun mirsani piranti panelitèn ing Maritime Robotics, antawisipun drone maritim, ugi ngendikan kaliyan mahasiswa Norwegian University of Science and Technology. 

    Ing mriki Holland Circular Hotspot lan Nordic Circular Hotspot téken prajanjéan kamitran. Siangipun wonten pasamuan sareng walikuthá Trondheim ing Stiftsgǻrden.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleWalandi Tanpá Kabinèt Sampun 9 Sasi
    Next Article Corona Muntab Malih, Walandi Semi Lockdown
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.