Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ngrawuhi Syuting Film “De Oost”, Film Perang Kamardhikan
    Den Haag

    Ngrawuhi Syuting Film “De Oost”, Film Perang Kamardhikan

    By Eddi Santosa13.05.20213 Mins Read
    De Oost - Het Javaanse Blad
    Cepeng layar ‘De Oost’

    DEN HAAG – Naliká syuting film ‘De Oost’, ingkang nyariosaken perang kamardhikan Indonesia, párá pemain & awak film nggersah amargi bentèr, banjir, lan penyakit ing tanah Jawi. Lajeng wonten utusan tentara mampir ningali sèt (panggènan syuting).

    bekas vila Karel Albert Rudolf Bosscha, Bandung, dipunpilih minongká markas

    poster ‘De Oost’

    Wiwitan April 2019, awak film De Oost syuting ing tanah Jawi, puluhan kilometer sisih kidul saking Bandung, inggih puniká syuting adegan wiwitan film. Lakon utami Johan de Vries déning Martijn Lakemeier, nembé mawon dugi saking Walandi, lajeng manggihi pasukan ingkang thenguk-thenguk grumungan taksih nyaté kethèk ingkang nembé dipunbedhil. Johan dipunaturi sacuil: „Monggo, raosipun kados daging babi,” makaten kados kapethik saking NRC (11/5/2021).

    Minongká markas makaryá, awak film milih bekas vila Karel Albert Rudolf Bosscha, satunggaling priyantun Walandi jaman kolonial ingkang misuwur dados juragan pakebonan tèh ing wilayah asrep caket Bandung.

    Éyang kulá ugi ndhèrèk perang nglawan Walandi ing antawis taun-taun 1946-1947

    Shanty Harmayn

    ‘Ru’ Bosscha dipunsaréaken namung pinten-pinten atus mèter saking vila Bosscha. Monumèn pasaréanipun sáhá taman sakelilingipun taksih karawat kanthi saé. Bosscha ing Bandung kagungan asmá saé, sarèhning piyambakipun mbiyantu majengaken wilayah mriku, utaminipun kuthá Bandung.

    Dugi dinten sapuniká wilayah ingkang kathah sinar suryá puniká taksih ijem ijo royo-royo kebak taneman tèh. Katingal caping krudhuk párá buruh pethik nyembul saking ijemipun taneman tèh. Paningalan kebon tèh puniká namung medal sakedhik saget dipunpirsani ing film.

    ing Walandi, Westerling babar blas boten misuwur

    Satunggaling wandé tèh ing mriku dipundadosaken markas militèr Walandi 1946-1947 ingkang ngastá misi nertibaken wilayah ingkang miturut párá kawulá sampun dados Republik Indonesia, nanging wekdal semanten Walandi boten saget nampi.

    Tumèmpèl ing témbok seratan aksárá Jepang utawi aksárá Kanji, ngèngetaken naliká Nederlands-Indië (Indonesia) dipunjajah déning Jepang naliká Perang Donyá II. Sadowinipun pinggiran margi wonten bedhil dipunpasang jèjèr. Bedhil-bedhil wau lan cawé-cawé tentara miturut co-produsèr Indonesia, Shanty Harmayn, ndadosaken syuting film puniká radi njlimet.

    “Kitá kedah nyuwun idin dumateng tentara supados saget nganggé bedhil,” ngendiká Shanty Harmayn. 

    Harmayn sampun wiwit taun 2014 ndhèrèk ndamel film ‘De Oost’. Pinten-pinten taun piyambakipun ndhèrèk madosi panggènan paling saé kanggé syuting. Pungkasanipun piyambakipun milih 4 panggènan ing mriku piyambakipun syuting 2 sasi. Sedáyá panggènan wau ing tanah Jawi, senaosá sebagéan film kadadosanipun ing Sulawesi, kálá rumiyin Celèbes.

    Shanty Harmayn ugi nerjemahaken sedáyá naskah lan karsá, lajeng ngaturaken dumateng pamréntah Indonesia kanggé ngurus idin syuting film. Pamréntah mirsani bilih film wau mihak Indonesia.

    “Ingkang puniká wau saget nemtokaken sedáyá pangurusan idin. Kanggé kulá piyambak ugi wigatos. Éyang kulá ugi ndhèrèk perang nglawan Walandi ing antawis taun-taun wau. Ing Indonesia kejemipun kapitein Raymond Westerling, dipunmainaken déning Marwan Kenzari, dados bagéan standar pelajaran babad perang kamardhikan. Nanging kulá mireng bilih ing Walandi piyambakipun babar blas boten misuwur,” makaten Shanty Harmayn.(es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleDutá Ageng Tuwi Kraton Pralambang Tentrem lan Adil ing Donyá
    Next Article Ngarsá Dalem Mbika Pamèran Batur Tukon ing Rijksmuseum
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.