Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ngunjuk Kopi Gesang Langkung Dangu
    Internasional

    Ngunjuk Kopi Gesang Langkung Dangu

    By Eddi Santosa15.08.20212 Mins Read
    Klik Ngunjuk Kopi Gesang Langkung Dangu
    Ngunjuk kopi © unsplash/Candice Picard

    AMSTERDAM – Ngunjuk kopi saben dinten gesang langkung dangu, kopi biasa utawi kopi bébas kafèin sami mawon.

    Makaten tim riset Eropa sareng Amérika ingkang sampun ngumumaken kasil risetipun ing jurnal Annals of Internal Medicine dinten Selásá (15/8/2017).

    Kanggé riset puniká tim ilmuwan dangunipun 16 taun neliti 521.330  rèsponden saking bènten-bènten negari Eropa. Tim ugi neliti rahipun 14.000 rèsponden lan antawisipun manggihi bilih kelompok ingkang ngunjuk kopi nggadhahi lever langkung séhat.

    Kejawi makaten kelompok wau ugi langkung sekedhik zat-zat ingkang saget ndadosaken penyakit, ugi langkung sensitif tumrap insulin. Èfèk nglindungi saking kopi presisipun pripun puniká dèrèng cethá.

    Ewodènten kanggé riset Amérika tim ilmuwan saking 2 universitas dangunipun 20 taun neliti data 185.000 tiyang Amérika, anwatisipun dipunteliti konsumsi kopi párá rèsponden wau, gadhah penyakit punápá, lan pungkasanipun sédá amargi punápá. 

    Data-data wau lajeng dipungandhèngaken. Tim riset nyimpulaken bilih tiyang-tiyang ingkang ngunjuk kopi kirang nggadhahi gangguan padharan, langkung sekedhik kamungkinan pikantuk penyakit jantung lan pembuluh darah, diabetes, kanker, lan penyakit ginjal.

    Guru Besar Pangan, Penyakit Jantung lan Pembuluh Darah Wageningen Universiteit Prof. Dr. J.M. Geleijnse maringi seratan babagan riset puniká.

    Miturut Geleijnse, adedasar biologi tiyang-tiyang ingkang boten remen kopi bènten kaliyan tiyang ingkang remen kopi utawi metabolismenipun bènten, saénggá pikantuk èfèk sisihan saking kopi. Kadosipun profil DNA lan metabolisme wau wonten gegayutanipun kaliyan risiko sédá.

    “Sinten kathah ngunjuk kopi lajeng boten ngunjuk sanèsipun, kados unjukan ingkang manis-manis lan boten séhat. Antawisipun makaten ingkang ndadosaken kelompok puniká saget gesang langkung dangu,” makaten Geleijnse.

    Sangsáyá Awis

    Sarèhning panèn kopi boten nyekapi, lajeng wonten masalah ènèrgi lan transportasi milá regi kopi sangsáyá awis. Dugi Desèmber 2021 regi kopi Arabica mindhak ngantos 85% taun puniká, mindhak paling kathah wiwit 1999.

    Dipunprakiraaken regi wiji kopi ing wekdal-wekdal ngajeng bakal tansah mindhak, makaten Koffiemax.

    Panèn kopi ing Brazil, pangasil kopi paling kathah sakdonyá, taun puniká anjlok 23% sarèhning owahipun iklim. Ing Colombia, kisruh protès kalawan pamréntah ngadhang-ngadhangi ékspor kopi. Paguyuban kopi nasional Colombia mprakiraaken wonten 500.000 karung kopi boten saget dipunékspor.

    Sedáyá puniká sareng kaliyan gagal panèn ndadosaken catu kopi sajagad anjlok, sawetawis panyuwun kopi malah mindhak. Ugi ing negari-negari pangasil kopi sanèsipun sampun pinten-pinten taun panènipun boten saé.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article1918, Peken Klidang Resmi Tutup
    Next Article Walandi Sampun Bébas, Nanging Wajib Coronapas
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.