Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Nitih Kapal Prins Willem II Tiyang Jawi Dugi Suriname Tahun 1890
    Diplomasi

    Nitih Kapal Prins Willem II Tiyang Jawi Dugi Suriname Tahun 1890

    By Eddi Santosa01.03.20212 Mins Read
    credit: amelanderhistorie

    PARAMARIBO – Cacahipun 94 tiyang, rombongan kaping sepindhah buruh peksá, resminipun dipunsebat buruh kontrak, saking Jawi puniká dugi Suriname, wilayah koloni Walandi ten benua Amerika sisih kidul.

    Nitih kapal Prins Willem II, tiyang-tiyang wau presisipun dugi Suriname tanggal 9 Agustus 1890. Miturut Nationaal Archief, párá buruh kontrak puniká senaosá saking pinten-pinten daérah Nederlands-Indië (Indonesia) nanging gampilipun kebanjur dipunsebat Javanen (tiyang-tiyang Jawi), kathahipun pancèn saking distrik Surákartá (Solo).

    Het Javaanse Blad
    credit: knaw

    Tiyang-tiyang wau dipun rawuhaken minongká buruh kontrak ten pakebonan Mariënburg, Suriname, kagunganipun Nederlandsche Handel-Maatschappij (NHM). Pakebonan-pakebonan Walandi ten Suriname mbetahaken párá buruh kontrak amargi mboten kénging malih nganggé budhak sasampunipun perbudhakan dipunlarang taun 1863.

    Dipun angkut Walandi antawisipun taun 1890 dugi 1939, total jéndral tiyang-tiyang Jawi ten Suriname jaman semanten wonten 32.956 tiyang. Naliká mireng Indonesia sampun mardhiká, kirang langkung 26% tiyang Jawi ten Suriname milih kundur malih taun 1953, lajeng netep ten Sumatra Kilèn. Sisanipun kirang langkung 24.000 tiyang milih netep ten Suriname.

    Panggènan Suriname ing benua Amerika Kidul

    Lajeng naliká Suriname mardhiká (taun 1975), kathah tiyang Jawi ingkang nilaraken Suriname nuju Negari Walandi, sebagian sanèsipun nyebrang pindhah ten Guyana Prancis. Miturut cacah jiwá taun 2012, sapuniká taksih wonten 73.975 tiyang keturunan Jawi ten Suriname (Waterkant).

    Kanggé mrèngeti sejarah wau, sapuniká saben taun tanggal 9 Agustus dipun prèngeti minongká dinten mlebetipun tiyang Jawi ten Suriname. Taun 2020 kálá wingi sampun wonten 130 taun tiyang Jawi ten Suriname, nanging prèngetanipun dipunlaksanaaken kanthi prihatin amargi wabah Covid-19.

    Suriname ambanipun 163.820 km², kirang langkung tikel kaping gangsal wilayah Jawi Tengah (32.800 km2), wewatesan kalih Brazil, Republik Guyana, lan Guyana Prancis. Kahanan Suriname dèrèng majeng tur dèrèng pati sejahtera. Miturut cacah jiwá taun 2018 wargi Suriname namung 575.990, antawisipun ras keturunan India (27,4%), Maroon Bushinegue (21,7%), Kreol (15,7%), Jawi (13,7%), ras campuran (13,4%), ras pribumi asli Suriname (3,8%), Ciná (1,5%), Eropa (1%), sanès-sanèsipun (1,8%). (es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleTetuwuhan Den Haag Wigatos Kanggé Iklim, Paling Sepuh Wiwit 1536
    Next Article Bupati Batang: Sekolah Ing Wilayah Ijem Covid-19 Saget Piwulang Adhep-adhepan
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.