Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Nyepéda Dolanan Ponsèl, 850 Kasus Dendhá Per Minggu
    Den Haag

    Nyepéda Dolanan Ponsèl, 850 Kasus Dendhá Per Minggu

    By Eddi Santosa08.10.20212 Mins Read
    © unsplash/Dana Marin

    DEN HAAG – Pulisi rátá-rátá maringi dendhá kaping 850 per minggu tumrap párá wargi ingkang nyepéda sambi dolanan ponsel utawi hp.

    Makaten data Centraal Justitieel Incassobureau (CJIB) ingkang dipunbabaraken déning nu.nl kapethik Het Javaanse Blad dinten Jemuah wanci énjing (8/10).

    Nitih sepéda sambil dolanan ponsèl utawi nélpon ing Walandi resmi verboden (dilarang) wiwit sasi Juli 2019 lan dendhanipun 95 Euro, wekdal sapuniká mindhak dados 100 Euro utawi Rp 1.650.000 (kurs €1 = Rp 16.500).

    Foto: Unsplash/Guus Baggermans

    Miturut panelitian, tiyang nitih sepéda mbebayani sanget menawi piyambakipun nyambi dolanan ponsèl. Tuladhanipun menawi nyambi WhatsApp mesthi megal-megol boten lempeng lan mboten ningali kiwá tengen utawi sakelilingipun amargi migatosaken WhatsApp ing ponsèlipun.

    Data saking kalih taun kapungkur nedhahaken bilih dendhá ing wanci bentèr 1/3 langkung kathah tinimbang wanci adhem (winter). Jalaranipun nyepéda sambi nyepengi ponsèl wanci adhem mboten sekécá atis anyes, ugi saget teles kénging jawoh, polsèl saget risak. Ugi kangèlan nunyul-nunyul layar ponsèl menawi ngagem sarung astá.

    “Logis, tinemu nalar. Menawi atis tur asring jawoh saget kulá bayangaken menawi tiyang nyepéda mboten nyepengi ponsèlipun,” ngendiká Agnieszka Stelling saking SWOV, spesialis tingkah polah tiyang nyepéda, kapethik saking nu.nl dinten Jemuah (8/10).

    Ingkang wigatos miturut Stelling inggih puniká dugi sepinten tiyang-tiyang wau ngraosaken hukuman.

    “Menawi tiyang-tiyang wau menggalih bilih pulisi mboten bakal nyepeng, pramilá larangan miturut hukum wau dados kirang ndhayagunani,” makaten Stelling.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article26.500 Mahasiswa Dèrèng Pikantuk Kamar
    Next Article Uni Eropa Nglarang Bahan Kelir Pangan Puniká
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.