Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Omikron Paling Kathah ing Amsterdam
    Internasional

    Omikron Paling Kathah ing Amsterdam

    By Eddi Santosa23.12.20212 Mins Read
    Karaton Dam, Amsterdam (Foto: Unsplash/Frans Ruijter)

    AMSTERDAM – Omikron dados varian virus Corona paling kathah ing kuthá Amsterdam. Saking 106 tès positif, 63 utawi 59% péranganipun Omikron, varian ingkang paling nular.

    “Saking tès paling énggal GGD lan Amsterdam UMC dinten Selásá cacahipun wonten 63 saking 106 sampel tès positif utawi 59% jebul varian Omikron,” makaten data saking Amsterdam Regional Genomic epidemiology and Outbreak Surveillance (ARGOS) ingkang kababar ing Twitter (21/12/2021).

    A total of 63/106 (59%) randomly selected SARS-CoV-2 positive samples, collected on the 21st Dec 2021 at @GGDAmsterdam testing facilities, were positive for the Omicron variant based on the spike 371L/373P assay. Great effort by teams at @amsterdamumc & @inBiome. pic.twitter.com/GcIYXMSs2K

    — ARGOSconsortium (@ARGOSamsterdam) December 22, 2021

    Juruwicárá Amsterdam UMC (Amsterdam Universitair Medische Centra) mangsuli dateng serat kabar Het Parool bilih data wau pancèn leres makaten.

    Het Rijksinstituut voor Volksgezondheid en Milieu/RIVM (Institut Nasional kanggé Keséhatan lan Lingkungan) mprakiraaken bilih varian Omikron ugi bakal nyebar kanthi cepet lan dominan dateng wilayah sanèsipun ing tanah Walandi. Miturut RIVM puniká badhé kadadosan antawis dinten Natal dugi Taun Énggal.

    Virus Corona varian Omikron puniká langkung nular tinimbang varian Délta ingkang pinten-pinten sadèrèngipun sampun dados varian ingkang paling kathah nyebar ing Walandi. 

    Miturut kasil panelitèn sawetawis antawisipun saking Inggris lan Afrika Kidul, Omikron puniká kadosipun boten pati nyebabaken gerah nemen tinimbang varian Délta. Senaosá makaten menawi kathah tiyang ingkang katularan ing wekdal ingkang sami pramilá saget andadosaken kathah opname ing griyá sakit, makaten párá paneliti sampun wanti-wanti.

    Pamréntah kutháprájá Amsterdam dinten Selásá sampun andum 100.000 ingkang kasebat ‘bezoekpakketten’ (pakèt mertamu, red) kanggé párá kawulá Amsterdam ingkang mbetahaken sáhá kanggé bagéan wilayah kuthá ingkang jumlah wargi karsá vaksinasi paling sakedhik.

    Pakèt wau isinipun piranti tès mandiri, masker, lan katerangan pripun caranipun nindakaken pranatan dhasar ing griyá babagan Corona. Pakèt dipunaturaken dateng griyá párá kawulá, dipunandumaken ing peken, sáhá saget dipunpundhut piyambak ing panggénan Huizen van de Wijk antawis dinten Natal dugi Tahun Énggal.

    Mawi pakèt wau pamréntah kutháprájá ngarsaaken párá wargi kanthi temen netepi pranatan dhasar ing griyá lan saputeranipun, utaminipun migatosaken pranatan nampi tamu.

    Walikuthá Amsterdam Ibu Femke Halsema dhawuh bilih piyambakipun saget mangertosi raosipun párá wargi ngadhepi piwatesan-piwatesan.

    “Panci nguciwani bilih kitá ing wekdal puniká kedah kathah ing griyá sáhá matesi tamu kitá. Padhahal salebeting dinten riyáyá puniká kitá remen kepanggih lan kempal. Nanging sedáyá wau kanggé kawigatosan langkung ageng inggih puniká nanggulangi panyebaran Omikron. Monggo sami ngatos-atos ugi netepi pranatan Corona. Kanthi makaten kitá saget ngreksá sareng-sareng, utaminipun párá tiyang sepuh lan éyang kitá ingkang ringkih,” makaten Walikuthá Halsema.

     

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleDéwan Kutháprájá Pekalongan 1937
    Next Article Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.